اللهُ اَكْبَرُ × 9 الله اَكْبَرُ كَبِيْرًا ، وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا
وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ
نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ
الْكَافِرُوْنَ ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ وَصَدَقَ وَعْدَهُ
وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللهُ وَ اللهُ اَكْبَرُ ، اللهُ اَكْبَرُ وَ ِللهِ الْحَمْدُ
َالْحَمْدُ ِللهِ الذي إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّي وَنَسْجُدُ
وَإِلَيْهِ نَسْعَى وَنَحْفَدُ ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ
إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدُّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ الله ُوَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ
أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَ يُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا
يَوْماً لاَ يَجْزِي وَالِدٌ عَنْ وَلَدِهِ وَلاَ مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ
عَنْ وَالِدِهِ شَيْئاً ، إِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ
الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَ يَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ الْغرُوْرُ
Wonten enjing ingkang kebak berkah lan rohmat meniko, kito kempal
keranten badhe jumenengaken sholat Idul Adha. Nembe mawon kito ruku; lan
sujud minongko wujud raos taat kito dateng Alloh SWT. Kito agungaken
asma Alloh, kito kumandangaken takbir lan tahmid wonten ing
musholla-musholla lan masjid-masjid. Takbir ingkang kito ucapaken boten
namung obahe lambe tanpo arti, ananing minongko pengakuan ing dalem
manah ingkang saget gumeteraken dateng manahipun tiyang ingkang sami
iman dateng Alloh SWT. Alloh Moho Besar, Alloh Moho Agung, boten wonten
ingkang patut dipun sembah sak lintunipun Alloh.
Pramilo lewat mimbar meniko kawulo ngajak dateng diri kulo pribadi lan
ugi dumateng hadirin sedoyo; monggo kito taat dateng ngarso dalem Alloh
ingkang Moho Agung, kito bucal tebih-tebih raos gumedhe lan sombong
ingkang saget nebihaken kito saking rohmatipun Alloh SWT.
Nopo mawon jabatan kito, menawi dipun bandingaken kaliyan Alloh SWT kito
meniko alit tur sanget, senahoso kito meniko gagah prakoso, sak
yektosipun kito meniko apes lan ringkih menawi dipun bandingaken kalian
Alloh Kang moho kuat. Menawi kito meniko tiyang ingkang berkuasa, gadah
jabatan inggil, gadah pengaruh ageng, ananging menawi dipun bandingaken
dateng Alloh Ingkang Moho Kuwahos kito meniko boten saget menopo-nopo.
Hadirini jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah
Poro sedherek sedoyo, wonten wulan Dzulhijjah meniko Gusti Allah sampun
majibaken dhumateng ummat Islam ingkang sampun mampu supados nglampahi
hajji wonten tanah suci Mekkah sepindah selaminipun gesang kangge
nyampurnaaken rukun Islam ingkang nomer gangsal. Sedoyo ummat Islam
saking pundi-pundi negari sami kempal wonten tanah Arofah ngagem pakaian
ingkang sami, inggih meniko pakaian ihrom ingkang pethak, mboten benten
antawisipun tiyang miskin, tiyang sugih, tiyang pangkat menopo mboten.
Sedanten makempal ngetingalaken syi'ar agami Islam, ngetingalaken
persatuan ummat Islam sa' ngalam dunyo. Sami setunggal niat nglampahi
ibadah hajji, tunduk lan tadlorru' ndherek dhawuhipun Allah. Dene
ingkang dereng mampu supados berusaha sa' saget-sagetipun kanthi
ningkataken semangat usaha lan do'a supados enggal dipun timbali tindak
dhateng Makkah nglampahi hajji lan umroh, ndherek pikantuk kesempatan
angsal gelar hajji mabrur ingkang sanget ageng ganjaranipun. Dhawuhipun
Kanjeng Nabi Muhammad saw. :
الحجّ المبرور ليس له جزاء إلا الجنة
Artosipun : " Hajji mabrur iku ora ono piwalese kejobo suwarga "
Poro sedherek sedoyo, akhir-akhir niki kito sering mireng bencana wonten
negari kito, wonten gempa Cianjur, tuwin Padang ingkang sanget ageng,
tanah longsor, banjir, kekeringan, kebakaran, flu burung, flu babi,
kecelakaan pesawat terbang, kapal laut, kereta api lan sanes-sanesipun.
Sedanten meniko minongko ujian kangge tiyang ingkang sami taqwa lan azab
kangge ingkang sami maksiyat. Kanti cobaan kolo wau saget ketingal
sinten ingkang imanipun kiat lan sinten ingkang imanipun lemah/tipis.
Dhawuhipun Gusti Allah wonten Surat Al Baqoroh ayat 155 :
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ
الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ
Artosipun wallohu a'lamu bimurodihi :
" Yekti Ingsun (Allah) bakal nyoba temen marang siro kabeh songko roso
wedi, luwe, kekurangan soko piro-piro bondho, awak lan woh-wohan. Mongko
mbebungaho siro (Muhammad) marang wong-wong kang podho sabar."
Kito saget nyonto kesabaranipun poro Nabi, poro ulama' lan auliya'.
Kados kesabaranipun Nabi Ibrahim naliko dipun dhawuhi Gusti Allah
supados mragat putranipun Isma'il. Wonten Al Qur'an Surat As Shoffat
dipun cariyosaken bilih Nabi Ibrohim ngendiko kalih putranipun :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي
الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ
افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
(102)
Artosipun wallohu a'lam :
"Naliko Ismail wis tekan umur sanggup kanggo nyambut gawe Nabi Ibrohim
ngendiko : " He anakku ! sa' temene aku didhawuhi Gusti Allah (liwat
ngimpi) supoyo aku nyembeleh seliramu, piye mungguh panemumu?" Ismail
matur : " Duh ingkang romo ! Kulo aturi panjenengan nglampahi menopo
ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan, insya Allah Panjenengan
manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sami sabar. "
فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ (103) وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا
إِبْرَاهِيمُ (104) قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إِنَّا كَذَلِكَ نَجْزِي
الْمُحْسِنِينَ (105) إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ (106)
وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ (107)
Artosipun wallohu a'lam :
"Mongko nalikane Ibrohim lan Ismail podo pasrah lan Ibrohim wis nuro'ake
Ismail ono pilingane, Ingsun (Allah) ndangu karo Ibrohim : " He
Ibrohim, Seliramu wis bener-bener nglakoni opo sing wis dihawuhke lewat
impen". Mengkono iku Ingsun aweh pinwales marang wong-wong kang podo
tumindak becik. Sa'temene mengkono iku cobaan kang nyoto. Lan Ingsun
(Allah) gawe tebusan (minongko gantine Ismail) hewan sembelehan kang
gedhe".
Awit kesetiaan soho keikhlasan Nabi Ibrohim lan Nabi Ismail, Gusti Allah
ngijoli Ismail digantos mendo gibas ingkang ageng saking suwargo kangge
korban.
الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد.
Poro sederek sedoyo, monggo kito mendet hikmah critonipun Nabi Ibrohim
lan Ismail. Kito saget instropeksi diri dateng awak kito. Kinten-kinten
dumugi ngantos pundi kesediaan kito berkorban dhumateng Allah subhanahu
wata'ala. Selajengipun kangge mengeti menopo ingkang sampun dipun
lampahi Nabi Ibrohim as.lan Nabi Ismail as., kito dipun sunnahaken
mragat hewan saget rupi mendo utawi lembu wonten sa' ba'danipun
nglampahi sholat 'iedul adlha tanggal 10 Dzulhijjah soho wonten dinten
tasyriq ngantos tanggal 13 Dzulhijjah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad
saw. :
ألا إن الأضحية من الأعمال المنجية تنجى صاحبها من شرّ الدّنيا والآخرة
Artosipun kirang langkung :
" Elingo, sa'temene mragat hewan korban kuwi setengah songko piro-piro
amal kang biso nylametake, nyelametake wong kang nglakoni songko olone
dunyo lan akherat."
Ningali dhawuh meniko monggo kito sami mragat hewan kurban,
langkung-langkung ingkang anggadahi rizqi kathah, sebab hean ingkang
kito korbanaken mangke dados tunggangan kito, dados kendaraan kito
wonten akherat, wonten wot shirothol mustaqim, kados dhawuhipun Kanjeng
Nabi :
عظموا ضحاياكم فإنها على الصرط مطاياكم
" Podo nggedhe'no hewan korban iro kabeh kerono sa'temene hewan kurban
mau bakal dadi kendaraan iro kabeh naliko lewat wot shiroth (al
mustaqim)"
Poro sederek sedoyo, hewah kurban ingkang saget dipun damel kangge
korban meniko kedah rupi unto utawi mendo utawi lembu ingkang sampun
powel, ingkang sehat, mboten kuru sanget, ingkang mboten cacat, mboten
pincang, mboten kero, mboten penyakiten lan sanes-sanesipun. Mestinipun
ingkang paling sae sebab kangge kendaraan kito piyambak wonten akherat.
Sederek sedoyo ingkang dipun mulyaaken Allah. Amal lintunipun ingkang
dipun sunnahaken wonten 'idul adha inggih meniko mahos takbiran.
Takbiran meniko takbir muqoyyad, maksudipun namung dipun lampahi sa'
ba'donipun sholat fardlu kemawon, wekdalipun milahi ba'do Shubuhipun
dinten 'Arofah utawi tanggal 9 Dzulhijjah ngantos 'asharipun akhir
dinten tasyriq tanggal 13 Dzulhijjah, dene malem 'iedul Adha milahi
Maghrib ngantos minggahipun khotib dateng mimbar wekdalipun bebas sedalu
ngantos enjing kados ingkang sampun kalampahaken.
. الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد.
جعلنا الله وإياكم من الحجاج المبرورين ومن المضحّين المخلصين وأدخلنا و إياكم فى زمرة عباده الفائزين المتقين المجا هدين.
بسم الله الرحمن الرحيم
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ (1) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ (2) إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ (3)
وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الرا حمين
KHUTBAH KEDUA:
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ
للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ
اللهُ وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ
وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا
كَِثيْرًا
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ
وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ
ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ
وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ
وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ
اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ
بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ
لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ
وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ
اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ
وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ
وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ
وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا
بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ
اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ
وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِِ
وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ
وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ