Naliko Kanjeng Sultan Agung Hanyokro Kusumo arep perang ngalawan
Walanda ing Batavia, kabeh Adipati, Tumenggung lan para penggedhe
kerajaan nganakake rembugan ing kerajaan Mataram. Banjur nemtukake
panglima perange. Kang dipilih miturut kasepakatan mau yaiku Tumenggung
Bahurekso, Adipati Kendal uga dadi Gubernur Pesisir Laut Jawa.
Nurut catetan sejarah Poro Priyagung kang nderek makempal ing Kendal
kanggo siap siaganing ngayudo ngraboso Walondo ing Batavia, ing
antarane Poro Priyagung mau yoiku;
1. Tumenggung Bahurekso
2. Pangeran Purboyo
3. Pangeran Djoeminah
4. Pangeran Mandurorejo
5. Tumenggung Uposhonto
6. Tumenggung Kertiwongso, asal Jepara
7. Tumenggung Wongso Kerto
8. Tumenggung Rajekwesi/ Sembara
9. Raden Prawiro/Pangeran Sambong
10. Pangeran Kadilangu
11. Pangeran Purbo Negoro / Sojomerto
12. Raden Sulamjono, putro Tumenggung Bahurekso
13. Raden Banteng Bahu, putro Tumenggung Bahurekso
14. Kyai Akrobudin
15. Kyai Mojo lan Kyai Sandi, pengawal Pangeran Sambong
16. Tumenggung Begonondo
17. Raden Haryo Sungkono
18. Raden Muthohar
19. Tumenggung Pasir Puger
20. Pangeran Karang Anom
21. Pangeran Tanjung Anom
22. Tumenggung Panjirejo
23. Pangeran Puger
24. Tumenggun Singoranu, Patih MAtaram, kang anggeteni Ki Juru Mertani
25. Aria Wiro Notopodo utowo Suropodo
26. Tumenggung Wiroguno
27. Raden Bagus Kumojoyo
Lan isih akeh Poro Priyagung liyane kang nderek Makempal ing Paseban kanggo Siap siaganing perang marang Batavia.
Bahurekso banjur nganaake rembugan kanggo persiapan perang nglawan
Walanda. Dheweke ora milih tlatah ing pendhapa kadipaten, amarga tlatah
sing dienggo rembugan kudu dirahasiakake. Banjur dipilih tlatah ing
satengahing sawah, penere ing ngisor wit gedhe. Wit kuwi ing jaman saiki
diarani “wit kemangi”.
Wit kuwi mapane ing tengah sawah (yen saiki neng tengah makam), Desa
Jungsemi Kecamatan Kangkung. Wit kemangi kuwi awujud wit kang lurus
mendhuwur kaya dene payung. Nalika para paseban nganakake rembugan ing
kana, ora bisa didelok marang wong liya amarga dipayungi dening wit
kemangi. Dipayungi tegese dipegeri nganggo “oyot mimang” kang ditandur
dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi supaya ora bisa
didelok dening telik sandine Walanda. Amarga mangkono, panggonan kuwi
dijaga kanthi temen. Ora mung semono, ing kono uga dijaga kanthi cara
batin lan spiritual.
Miturut crita tutur, oyot mimang asale saka ayat Al Qur’an. Oyot asale
saka ayat. Dene mimang dijupukake saka ayat kursi. Ing ayat kursi ana
pitung tembung “Ma”, satembung “Min” lan satembung “Man”.
Nalika semono panggonan kang tumuju ing paseban kemangi rame banget,
amarga akeh wong dhuwuran lan leluhur Mataram tumuju ing kana. Ing saben
panggonan dijaga dening para punggawa kang asale saka kadipaten Kendal.
Nalika arep menyang paseban kemangi, ora bisa padha langsung tumuju ing
kana. Ananging padha leren dhisik ing Padhepokan Laduni Faqoh, sing
duwe Tumenggung Rajekwesi. Ing padhepokan kono nduweni daya spiritual
kang gedhe banget. Panggonan kuwi diarani desa Depok utawa Sukodadi
(saiki).
Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin kang direwangi dening
santri-santrine ngladeni wong-wong ndhuwuran uga prajurit sing jumlahe
akeh banget. Dheweke uga nyiapake sangu nalika perang ing Batavia.
Ananging ana masalah babagan ngileni sawah. Panggonan kang diliwati kali
sing digawe dening Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin, dijenengi
desa Kaliyoso.
Para pimpinan punggawa sing arep budhal perang menyang Batavia diwenehi
arahan dening panglimane kang kumpule ing paseban kemangi. Ing kana akeh
prajurit kang mlebu metu ning kemangi. Panggonan kuwi diarani Tlahab
utawa Tlahaban.
Para punggawa sing arep perang diatur lan ora entuk nyedhaki Paseban
Kemangi. Amarga wis ana panggonan dhewe yaiku ing sakiduling Paseban
Kemangi, cedhak wit laban kang gedhe ing panggonan kono, para punggawa
nglengkapi sanjata perang. Wit laban didadeake panggonan, sing diarani
desa Laban. Sing nanggung jawabi para punggawa babagan pangan yaiku Kyai
Syafrudin.
Dalan sing kanggo liwat tumuju paseban kemangi yaiku jalur lingkar ning
lor lan uga bisa lewat wetan (lewat darat). Panggonan kuwi dijaga dening
punggawa kang asale saka Pekalongan, pimpinan Kyai Tumenggung
Panjirejo, ajudan Tumenggung Mandurejo, Adipati Pekalongan. Panggonan
jagan kuwi saiki dijenengi Desa Rejo utawa Rejosari.
Perang ning Batavia banjur kedadean. Ananging nalika para penggedhe saka
Paseban Kemangi padha gugur, isih ana wong tuwa sing ora gelem melu
perang menyang Batavia, sanajan ilmu sing diduweni dhuwur. Wong tuwa mau
ora tega ndelok peperangan. Dheweke banjur njaluk ijin njaga bekas
panggonan paseban saka telik sandi Batavia. Panggonan paseban mau ana
ing pucuk laut lan panggonan kuwi bisa kanggo sawah, panggonan kuwi
banjur diarani Jungsemi.
Panggonan kuwi banjur dikramatake. Amarga ora sembarang wong sing bisa
mlebu ing kono. Banjur ana kesapakatan yaiku yen para wong ndhuwuran
arep bali ning Mataram, panggonan sing gawe temon yaiku tetep ning
Kemangi. Kyai Lasidin banjur diutus kanggo njaga Jungsemi.
Akeh pusaka tokoh Mataram sing disimpen ning Kemangi, klebu cambuk Amal
Rasuli weke Tumenggung Rajekwesi utawa Raden Sembara. Amarga mengkono,
Kyai Lasidin uga mageri lan nandur pusaka ing Kemangi. Kyai Lasidin
pesen yen arep khaul, kudu ning dina Jum’at kliwon wulan Asyura. Nanging
yen ing wulan kuwi ora ana dina Jum’ate, khaul bisa dilaksanakake ing
wulan Maulud utawa Rabiul Awal. Kyai Lasidin uga pesen supaya nyembelih
wedhus sing wulune abang lan ing bengkekane ana werna putihe kaya dene
sabuk. Kuwi lambang saka negara Indonesia arupa gendera abang putih.
Ing khaul-khaul saben telung tahun, Kyai Lasidin nyaranake supaya
nyembeleh kebo bule. Kuwi kanggo peringatan wong-wong enom supaya
waspada dening solah bawane wong-wong sing pakulitan bule.
Ing paseban kemangi, ana wong wadone loro yaiku Nyai Damariyah, adhine
Pangeraang Karang Anom, lan Nyai Turunsih. Nyai Damariyah iku garwane
Pangeran Sambong. Dheweke banjur dedonga kanthi khusuk supaya
gandhulaning atine bisa slamet nglaksanakake tugas perang ing Batavia.
Dheweke dedonga ing pinggir laut ing ngisor pandhan. Amarga mangkono,
Nyai Damariyah luwih dikenal kanthi Nyai Pandansari utawa Sri Pandan.
Dene Nyai Turunsih tapa ing kulon. Panggonan sing dinggo tapa mau, saiki
diarani hilir Kali Turunsih, sing nduweni akar bakal cerita asal-usule
desa Sendang Sekucing.
Sing diarani paseban kemangi, ujude saiki yaiku sakgundhukan lemah kang
mirip kuburan ing satengahing sawah. Ananging sabenere paseban kemangi
iku panggonane dawa saka desa Jungsemi nganti desa Sendang Sekucing.
Panggonan-panggonan kuwi nganti saiki dianggep keramat lan akeh wong
sing ngarani angker.
Kaya dene ceritane Pak Dwianto,S.Pd, Kepala SMU Negeri 1 Cepiring taun
2003. dheweke penasaran lan arep mbuktekake, yen jarene makam kemangi
iku wingit. Bareng karo bojone, dheweke nggoleki makam kemangi mau.
Sanajan dheweke durung ngerti panggonane makam, nanging dheweke ora
nyerah takon mrana-mrene. Wong-wong sing ditakoni padha njawab kanthi
kaget. Uga ora padha wani nunjuk nganggo tangan. Mung njawab kanthi
omongan.
Dheweke banjur nututi dalan sing diuduhi mau. Kira-kira 100 meter
dheweke tekan dalan sing tumuju ing makam, neng mburine banjur ana bocah
cilik telu sing lagi dolanan ning pinggir sawah. Bocah telu mau banjur
nyedaki lan takon marang dheweke. “Bapak lan Ibu apa arep lunga ning
kuburaan kemangi?” Dheweke banjur njawab, “Ya”. Bocah telu mau banjur
ngeter dheweke lan bojone ning kuburan kemangi.
Nalika meh tekan makam, dheweke noleh memburi amarga arep ngomong matur
nuwun. Dheweke banjur kaget lan gethoke mrinding. Bocah telu mau wis
ilang kanthi cepete.
Pancen antarane percaya lan ora percaya ngenai makam kemangi mau.
Ananging miturut cerita tutur akeh kedadeyan kang wingit ing makam
kemangi, kayata :
Akeh bocah cilik ilang, lan ditemokake dening keluwargane ana ing
satengahing sawah sing ora adoh saka kuburan kemangi. Miturut
bocah-bocah sing ilang mau, dheweke ana ing kutha kang bangunane endah
banget.
Ujug-ujug ana kiriman semen kanggo mbangun mesjid sing jumlahe saktruk
tronton kebak. Sawise ditampa lan didelok pengirime, jebule pengirime
mau sing tau ilang ing sekitare kuburan kemangi lan wis dianggep mati.
Sawise prastawa Mataram nyerang Walanda ing Batavia, diceritakake yen
alam kemangi kuwi dienggoni dening para lelembut kang asale saka Alas
Roban. Ki Ageng Penatus, omahe ing Gringsing, kang mindhah lelembut mau.
Miturut cerita, tlatah kemangi ora bisa dienggoni saka keturunan Ki
Ageng Penatus.
Lan isih akeh maneh cerita-cerita sing aneh nanging nyata anane.
Alam Kemangi sing wingit kuwi ana pengaruhe saka kekuatan ghaib kanga
sale saka “oyot miming” sing ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa
Ki Gedhe Kemangi Ing kono dijaga kanthi tanggung jawab dening Tumenggung
Wongsokerrto (putra Tumenggung Kertiwongso, Tumenggung sing asale saka
Jepara), sing luwih dikenal kanthi sebutan Mbah Lasidin.
Riwayat liyo ngenani kedadiane Deso Sojomerto
Ki Ageng Purbonegoro yaiku tokoh kang asale saka Mataram. Dheweke dadi
salah sijine pimpinan perang kang nyerbu VOC ana ing Jakarta bebarengan
karo Tumenggung Mandarureja, Tumenggung Bahurekso, lan liyane. Kang dadi
Senopati yaiku Tumenggung Mandurareja. Sultan Mataram menehi sabda.
”Tumenggung Mandurareja, kowe tak angkat dadi senopati kang arep nyerang
wong Walanda ana ing Jakarta karo bupati-bupati liyane lan gawanen
mriamku kuwi.”
”Inggih kanjeng Sultan.”
Temanggung Mandurareja nikah karo putrine Tumenggung Wargapati saka
Mataram. Nalika dheweke ora entuk bali menyang Mataram, dheweke karo
anak lan ibune lunga ana ing Kaliwungu. Lan Tumenggung seda ana ing
kana.
Ki Ageng Purbonegoro bebarengan Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Ageng
Kemangi nemtukake strategi ing Paseban Kemangi. Tumenggung Rajekwesi
nggawe pager ana ing Paseban Kemangi kana kanggo njaga Paseban Kemangi.
Rajekwesi kuwi digawe kanthi goib nganggo aji-aji supaya wong Walanda
kang liwat kana bingung lan kesasar. Tumenggung Rajekwesi karo Kyai
Akrobudin lan para santri nyiapke bahan pangan kanggo bekal perang, uga
nggawe sawah kang amba. Lan paapn panggonan kang diliwati wong loro kuwi
diarani kanthi jeneng desa Kaliyoso.
Sasuwine Ki Ageng Purbonegoro dadi pimpinan perang dipeloni
putra-putrane yaiku Pangeran Penggrayang, Pangeran Majenun, Pangeran
Harsa Wijaya, Pangeran Sastra Wacono, Pangeran Sidotoyo utawa Sudotoyo
lan siji kang jenenge durung dingertini.
Nalika bali saka Batavia. Ki Ageng Purbonegoro lan pimpinan perang
liyane ora entuk bali menyang Mataram, amarga kalah nglawan wong Walanda
ing Batavia. Ki Ageng lan pimpinan perang liyane padha ninggalake
Mataram.
”Piye yen awake dhewe nggolek panggonan kanggo urip?” Pitakone Ki Ageng.
”Iya, luwih becik yen dhewe pisah wae!” Jawab salah sijine pimpinan
perang. Banjur Ki Ageng Purbonegoro lunga ana ing alas sisih kidul lan
nggawe omah ana ing kana. Saiki uga dadi desa kang makmur amarga
diubengi sawah kang amba lan subur. Lan pimpinan perang liyane padha
mencar dhewe-dhewe. Tumenggung Rajekwesi manggon ing daerah kang biyen
dadi panggonan dheweke nemtukake strategi, yaiku ana ing Kemangi.
Ki Ageng Purbonegoro jeneng asline yaiku Pangeran Purwo Purbonegoro
utawa Purbonegoro. Nanging jeneng kuwi dipendem jero amarga dheweke tau
kalah nglawan wong Walanda ana ing Batavia. Dheweke urip dadi rakyat
biasa lan wis ora nggunakake seragam kinurmatan. Nanging apa kang dadi
pesthine pancen ora bisa diilangi lan sing wis nempel ing awake ora bisa
ilang mangkana wae apa maneh ditutup-tutupi. Jeneng kang wis dipendem
jero tetep wae kasuwur ana ing rakyat sakiwa tengene. Raden Ayu
Kanestren uga melu urip ana ing alas kana karo putra-putrane Ki Ageng.
Sawijining dina dheweke ketemu karo kancane-kancane sing biyen tau
mimpin perang ana ing Batavia. Kapisan, dheweke ketemu karo Pangeran
Sambong. Wong-wongan kuwi kasuwur saka desa Sambungsari, dheweke uga
seneng lelana karo numpak Jaran lan nganggo jubah ijo. Lan ketemune wong
loro iki bisa diunekake takdir. Nanging, Tumenggung Bahurekso gugur ana
ing peperangan.
Banjur Ki Ageng Purbonegoro ketemu karo Raden Burhan. Raden Burhan asale
saka Mataram, dheweke duwe panggonan ana ing desa Gemuh Blanten.
Ketemune karo kanca-kancane iku wes dadi pesthine utawa takdir.
Pungkasane, Pangeran Purbonegoro kepethuk karo sedulur-sedulure kang
urip ing daerah pantai kayata Tumenggung Kerti Wongso utawa Mbah Lasidin
wong kang urip ana ing Karangmalang. Ki Ageng uga ketemu Raden Bagus
Kumojoyo, Pangeran Sandi lan liyane. Saka prastawa kuwi, panggonan
Pangeran Purbonegoro uga diarani kanthi jeneng Sonjomerto lan saiki dadi
Sojomerto. Banjur Ki Ageng Purbonegoro saiki kasuwur kanthi jeneng Ki
Ageng Sojomerto utawa Pangeran Sojomerto.
Saka putra-putrane Ki Ageng Sojomerto, ana salah siji anake sing paling
kasuwur lan diurmati yaiku Ki Sidotoyo utawa Sudotoyo. Saka keraton
Mataram jeneng asline Ki Sidotoyo yaiku Sosrowindu. Ki Sidotoyo ora mung
diurmati karo manungsa, nanging uga diurmati lelembut. Amarga dheweke
duweni wateg kang tegas. Pancen wategke beda karo wateg wong tuwane
yaiku Ki Ageng Sojomerto.
Miturut sesepuh ing desa Sojomerto awake dhewe bisa weruh Pangeran Sojomero, nanging awake dhewe kudu duweni kaluwihan.
”Awake dhewe bisa weruh Ki Agang Sojomerto, nanging kudu bisa ngrogo
sukmo utawa duweni indra keenam.” Kandhanae sesepuh ing kana.
”Ki Ageng kuwi senenge nganggo sarung cepoko putih, lan kadhang-kadhang nganggo blangkon.” Kandhane sateruse.
Ki Ageng Sojomerto di sarekake ing pasarean umum desa Sojomerto, awor
karo ibu lan putra-putrane kajaba pangeran Sidotoyo kang di sarekake ing
tengah alas sojomerto. Ing sajaba pasarean ana sareane mbah Dugdeng
kang dadi pengawale ki Ageng Sojomerto.
Wateg kerase Pangeran Sidotoyo mung ditujukake kanggo nglawan wong-wong
kang duweni tumindhak sing ala utawa kurang ngurmati. Mula saka kuwi,
dheweke njaluk di sarekake pisah karo kaluargane. Mesti wong-wong kang
mangan ing dhuwur sareane biasane langsung diilikake.
Kandhane para sesepuh, Ki Ageng Sojomerto seda dina Rebo Pon tanggal 10
Syuro. Mulane ing tanggal kuwi mesthi dianakake sedekah bumi utawa
khaul. Miturut Pak Sumali sesepuh ing kana panggonan kang biasane
digunakake kanggo pesanggrahan Ki Ageng Sojomerto ora mung ana ing
Kendal wae, nanging uga ana ing panggonan liyane.
”Ki Ageng Sojomerto ora mung ning Kendal, nanging uga duweni
pesanggrahan ana ing daerah liyane yaiku ana ing Muneng Candiroto
Temanggung.” Kandhane Pak Sumali.