Pun Winejang rinaras kidung, lamlaming bawana ari, manoni jagad kang endah, andamel sengseming pangeksi.
Pisowanan Agung ing Dahana Pura nagari, ingkang lenggah ing dampar
kencono inggih Sang Maha Prabu Sri Aji Jaya Baya kukuwung tejo
kuwangwang arsa miyak sasmiteng rat inggih titisipun Sang Hyang Suman,
kaering dening para widodoro-widodari soho para Dorandoro-Dorandari, ing
ngarsaing Sang Aji sami pada moro sebo, ing ngayun putra kinasih Sang
Adipati Mulwapati inggih Rahadyan Anglingdarma, soho putri kang kawuri
Sang Maha Ratu Angin-angin, sawingkingipun katon Maha Patih Rahadyan
Daha saha Patih Dalem Rahadyan Daka, katah para narendra ing Nuswantara
kang sami angrawuhi, katingal saking jaman Kala Kukila : Sang Maha Prabu
Radite, Sang Maha Prabu Tumpak Saniscara, Sang Maha Prabu Anggara,
saking jaman Kala Tirta : Maha Prabu Selo Argo, saking jaman Kala Wisesa
: Maha Prabu Batara I’Kling, saking jaman Kala Sakti : Susuhunan
Amangkurat Agung, soho tasih katah narendra gung Binatoro saking
pinten-pinten jaman.
Para punggawa saha sedoyo nayaka praja kang nderek pisowanan ngantos
luber dumugi alun-alun kedaton Dahana Pura. Ing pambikaning Rembag Sri
Aji nimbali keng putra inggih Raden Anglingdarma soho keng putu Maha
Prabu Batara I’Kling soho Amangkurat Agung kang pun lenggahi dening
Wahyu Erocokro. Amergi sampun ngancik dawahing janji kedah wangsulipun
Wilwatikta kang dek ing nguni katitipaken dening tiyang monco.
Sang Aji sanget anggenipun anggadang Raden Anglingdarma supados inggal
nuntuni dening para putu kang wonten ing tlatah emperan Wilwatikta, para
putra kang kaemong dening Susuhunan Amangkurat Agung, Rahadyan
Anglingdarma sigra ngestokaken dawuhing Sang Aji lajeng nyuwun preso
dening Susuhunan Amangkurat Agung, saksampunipun pun jarwaaken dening
susuhunan Amangkurat Agung, Raden Anglingdarma nyuwun keng rayi inggih
Maha Ratu Angin-Angin supados dedemitan ambiyantu dening para putra
momonganipun Amangkurat Agung.
Dereng rampung anggenipun rembagan katungka rawuhipun Ditya Kala Gatika
kang kautus dening Sang Hyang Batara Kala, Ki Patih Ditya Kala Gatika
kaderekaken poro wadyabala saking Kahyangan Pasetran Gondolayu.
Rawuhipun Sang ndiyu nyuwun mekso supados Ni Mas Angin-Angin mboten
mbiyantu poro putu ing Arcapada anggenipun mbikak jatining Nuswantara,
salang surup anggenipun rembag dumugi sulaya, Ditya Kala Gatika kagebag
mundur dening Rahadyan Angingdarma, Wadyabala saking Kahyangan Pasetran
Gondolayu bosah-baseh pun gebug kaliyan Raden Daka, Sang Kala Gatika
lajeng wangsul makahyangan kaering dening para wadyabalanipun lepas
saking ponang pandulunipun Raden Anglingdarma.
Lajeng amrepegi keng Rayi Ni Mas Angin-Angin, sacekaping rembag Raden
Anglingdarma soho keng Rayi jengkar mring ndalem Wonocatur, rawuhipun
narendra kekalih punsungkemi punprepegi dening Endang Juwiri soho Dewi
Kadita, ing rembagan saking ndalem Wonocatur sampun pun tata anggenipun
miwiti jumedulipun Wilwatikta.
Ing emperan nagri Wilwatikta kang sampun dipun sabda mboten saget sumewo
(melihat) Wilwatikta, Ki Lurah Tunggul Jati Jaya Amongrogo soho Ki
lurah Sepuh paring pitedah dening para putra supados enggal miwiti miyak
jatinipun ardi Lalakon kang wonten ing tlatah Magadha, para putra kang
ngadep inggih Sang Mayangga Seta, Sang Sasratama Aji, Sang Maheswara,
Sang Subrata.
Poro putra lajeng ngempalaken poro sanak kadang angginipun miyak
jatinipun Lalakon, sasampunipun rame ngantos monco nagari Ditya Kala
Gatika soho Ditya Kala Srenggi angrasuk dening putranipun Ditya Kala
Kendi, soho Ditya Kala Jantaka supados angreridu lakuning poro trah
jayeng katon anggenipun mbikak jatining Nuswantara.
Sumewo menawi bakal wonten perang brubuh kang andadosaken katah kawulo
ing sukuning Kacu Mas Lalakon bakal dados bebantening pasulayan, para
jayengkaton dipun timbali keng eyang Amangkurat Agung miwiti mbikak
alamipun kajimanipun Ni Mas Pagedongan supados saget trewaca sumewo
kaliyan poro kawulo kang gesang ing emperanipun Wilwatikta. Ing dinten
Radite Kasih poro putra siogo nampi rawuhipun keng eyang Amangkurat
Agung, kang rawuh ngasta pawarta bab urut-urutanipun miyak jatining
Nuswantara, poro putra sendiko dawuh lajeng miwiti nuntuni tata cara
anggenipun ngawuningani pratandanipun wontenipun Wonocatur ing Segoro
Kidul.
Dereng sangkep anggenipun nuntuni sampun bade dipun rebat kaliyan anak
putunipun Ditya Kala Gatika kang nyamar dados tiyang Kadipaten Ngastrali
soho Kadipaten Kalinggis kang drabeki anggenipun dados tiyang kang
miwiti nemu Kadipatenipun Ni Mas Pagedongan, tanpa mangertos sampun
dipun plesetaken kaliyan Tumenggung Surenggono saking Seganten Kidul,
dados mboten bakal nemu utawi sumewo papanipun Kedaton Wonocatur.
Sak sampunipun bade dipun rebat bab Wonocatur, Rahadyan Anglingdarma
paring pitedah dening Sang Mayangga Seta supados miwiti nuntuni tata
cara miyak jatining Wilwatikta, amargi Wilwatikta bade kawiyak
saksampunipun rawuhing Sang Hyang Batara Kaneka Putra.
Ditya Kala Kendi soho Ditya Kala Jantaka sanget ajrih menawi kawiyakipun
Wilwatikta, lajeng andamel gara-gara supados Mayangga Seta sakadang
mboten saget miyak kawontenanipun Wilwatikta, agenging gara-gara amargi
Sang Hyang Batara Kala ugi duka amargi bakal mboten gadah kang saget pun
tadah kalamangsa, agengipun gara-gara andamel gugrukipun ponang ardi,
Bumi gonjeng langit miring.
Ing kahanan kados mekaten Hyang Brojomusti inggih putra pembayun Batara
Indra sigra angrasuk nunggal raga kaliyan Mayangga Seta, Sang Sela Argo
nitis dumateng Subrata, Hyang Rawi manunggil dumateng sang Sasratama,
Hyang Jandun Wacana manunggil dening Maheswara, anglajengaken miyak
Wilwatikta, Kusuma taruna tama mbek suci ngupaya wening linawuran.
Dening Gusti, wus mantun dennya piningit, kinen nyapih sami, sigra
nindakake pikolehing Gusti, angrabaseng perang tanpa wadya bala,
parandene wadyabalaning mboten kaeksi, pun dombani dening luhur,
katungka rawuhipun ngasto lintang kemukus kang dawa ngalu-alu pitung
dinten pitung ndalu.
Rawuhing Sang Kaneka Putra damel ajrihing para ndiyu, poro drubikso
sigra wangsul mring dangkaneki ing Pasetran Gondolayu, andamel cetha.
Rawuhnya sang Batara, parmaning jroning papan piningit, mila miwiti
mbikakipun tratag rambat, kang limunan sansaoyo dangu kaeksi ing
pandulu, kumenyar prapdiptanira, amadangi sajagad ageng, sumarmaning tan
lestantun, hamemayu harja harjanti Nuswantara wangsul kados dek ing
nguni.
Artinya
Seperti yang telah dinubuatkan selaras lagu, bumi yang sedap dipandang,
menyaksikan semesta yang indah, menakjubkan siapapun yang melihatnya.
Pertemuan besar di Negara Dahana Pura, yang duduk di singgasana ialah
Sang Maha Prabu Sri Aji Jaya Baya yang diselimuti sinar pelangi (aura),
membuka isyarat semesta, dialah titisan Sang Hyang Suman, diiringi para
widadara-widadari dan para darandara-darandari. Di hadapan Sang Aji
telah hadir menghadap, yang di muka adalah putra terkasih Sang Adipati
Mulwapati yaitu Rahadyan Anglingdarma, juga anak perempuan bungsunya
Sang Maha Ratu Angin-Angin. Di belakangnya tampak Mahapatih Rahadyan
Daha dan Patih Rahadyan Daka. Banyak para narendra di Nuswantara juga
hadir, tampak dari jaman Kala Kukila : Sang Maha Prabu Radite, Sang Maha
Prabu Tumpak Saniscara, Sang Maha Prabu Anggara. Dari jaman Kala Tirta :
Sang Maha Prabu Selo Argo, dari jaman Kala Wisesa : Maha Prabu Bathara
I’Kling, dari jaman Kala Sakti : Susuhunan Amangkurat Agung, juga masih
banyak nerendra luhur penguasa jagad dari berbagai jaman.
Para punggawa dan semua pejabat Negara menghadiri pertemuan sehingga
meluap hingga alun-alun kedaton Dahana Pura. Pada saat menyampaikan
sambutannya, Sri Aji mengundang sang putra, Raden Anglingdarma dan juga
sang cucu Maha Prabu Bathara I’Kling, serta Amangkurat Agung, yang
kesemuanya dinaungi Wahyu Eracakra. Sebab sudah waktunya janji
kembalinya Wilwatikta, yang pada masa lalu dititipkan pada orang manca
(asing).
Sang Aji sangat mengharapkan Raden Anglingdarma secepatnya menuntun para
anak turun yang tinggal di tepi Wilwatikta, para putra yang diasuh oleh
Susuhunan Amangkurat Agung. Rahadyan Anglingdarma segera menjalankan
perintah Sang Aji, kemudian meminta penjelasan dari Amangkurat Agung.
Setelah mendapatkan penjelasan cukup dari Amangkurat Agung, Rahadyan
Anglingdarma meminta adiknya yaitu Maha Ratu Angin-Angin, membantu
secara rahasia para putra asuhan Amangkurat Agung.
Belum selesai pisowanan terhelat, terganggu oleh kedatangan Ditya Kala
Gatika yang diutus oleh Sang Hyang Batara Kala. Ki Patih Ditya Kala
Gatika datang dihantar para bala pasukan Kahyangan Pasetran Gandalayu.
Kedatangan sang raksasa ini untuk memaksa Ni Mas Angin-Angin agar tidak
membantu para anak turun di Arcapada sehingga menyingkap tabir sejatinya
Nuswantara. Terjadi kesalahpahaman dalam musyawarah, sehingga menjadi
perselisihan. Ditya Kala Gatika dipukul mundur oleh Rahadyan
Anglingdarma. Para bala pasukan Kahyangan Pasetran Gandalayu cerai berai
di hajar oleh Raden Daka. Sang Kala Gatika dan bala pasukannya berhasil
menyelinap kemudian melarikan diri kembali ke kahyangan.
Setelah bertemu sang adik, Rahadyan Anglingdarma dan Ni Mas Angin-Angin
bersepakat untuk pulang ke Kedaton Wonocatur. Kehadiran mereka berdua
disambut hormat oleh Endang Juwiri dan Dewi Kadita. Di Kedaton Wonocatur
mereka mempersiapkan kemunculan kembali Wilwatikta.
Di tepian negari Wilwatikta yang telah disabda tak mampu melihat
Wilwatikta, Ki Tunggul Jati Jaya Amongraga dan Ki Lurah Sepuh memberi
petunjuk pada para putra supaya segera memulai menyingkap sejatinya
Gunung Lalakon yang ada di wilayah Magadha. Para putra yang menerima
petunjuk adalah Sang Mayangga Seta, Sang Sasratama Aji, Sang Maheswara,
Sang Subrata.
Para putra segera mengumpulkan para sahabat untuk menyibak sejatinya
Lalakon. Setelah hal ini menjadi tersohor hingga manca negara, Ditya
Kala Gatika dan Ditya Kala Srenggi merasuk pada anaknya, Ditya Kala
Kendi dan Ditya Kala Jantaka supaya mengganggu dan mempersulit upaya
para trah jayeng katon dalam menyibak jati diri Nuswantara.
Menyadari bakal terjadi pertumpahan darah yang akan membuat jatuh banyak
korban masyarakat di kaki Kacu Mas Lalakon, para jayeng katon diminta
menghadap sang kakek, Amangkurat Agung. Mereka diperintahkan menyibak
tabir alam rahasia Ni Mas Pagedongan, supaya jelas tampak oleh
masyarakat yang tinggal di pinggiran Wilwatikta. Di hari Radite Kasih
(Minggu Kliwon), para putra bersiap menyambut kehadiran sang eyang,
Amangkurat Agung, yang akan datang membawa pesan perihal runtutan
menyibak jati diri Nuswantara. Para putra siap melaksanakan perintah dan
segera memulai menyebar berita dengan tata cara yang dituntunkan, untuk
memberikan tanda keberadaan Wonocatur di Segara Kidul (Laut Selatan).
Belum lengkap upayanya, sudah akan direbut haknya oleh keturunan Ditya
Kala Gatika yang menyamar menjadi orang-orang dari Kadipaten Ngastrali
dan Kadipaten Kalinggis yang mengaku berhak menemukan Kadipaten Ni Mas
Pagedongan, namun mereka tak mengetahui telah dikecoh oleh Tumenggung
Surenggana dari Laut Selatan, sehingga tak akan mungkin menemukan
Kedaton Wonocatur.
Setelah peristiwa hampir diperebutkannya Wonocatur, Rahadyan
Anglingdarma memberi petunjuk kepada Sang Mayangga Seta untuk memulai
menyibak sejatinya Wilwatikta, dikarenakan Wilwatikta akan tersingkap
setelah kedatangan Sang Hyang Batara Kaneka Putra.
Ditya Kala Kendi dan Ditya Kala Jantaka sangat khawatir apabila
Wilwatikta tersingkap, lalu mereka membuat onar dan reka daya kepada
Mayangga Seta dan sahabat-sahabatnya, agar mereka gagal menyibak
Wilwatikta. Kekacauan membesar dengan kemarahan Batara Kala, yang juga
murka karena kehilangan korban untuk dimangsa. Kekacauan besar ini
hingga merontokkan gunung, mengguncang bumi dan memiringkan langit.
Dalam keadaan seperti itu, Hyang Brajamusti yaitu putra sulung Batara
Indra segera merasuk dalam raga Mayangga Seta, Sang Selo Arga merasuki
Subrata, Hyang Rawi merasuk Sasratama, Hyang Jandun Wacana merasuk
Maheswara. Mereka bersatu padu menjalankan tugas menyingkap tabir
Wilwatikta. Para ksatriya berhati suci berjuang sepenuh diri.
Oleh Gusti, setelah usai disembunyikan, segera dilepaskan (disapih),
segera menjalankan tuntunan dari Sang Maha Pencipta, maju berperang
tanpa pasukan, bala tentaranya tak tampak, dikawal oleh para leluhur,
kehadirannya membawa lintang kemukus (komet) yang panjang sekali hingga
tujuh hari tujuh malam.
Kehadiran Sang Kaneka Putra membuat gentar para raksasa jahat, para
pembawa malapetaka kembali ke muasalnya di Pasetran Gondolayu. Membuat
keadaan tenang. Hadirnya Sang Batara, di tempat yang tersembunyi
(sakral), mulai tersingkap tratag rambat (penghubung), yang tersembunyi
rahasia semakin dapat disaksikan mata lahir, cemerlang sinarnya,
menerangi semesta, kesedihan tidak selamanya, membangun kembali dengan
sempurna keselarasan dan kejayaan Nuswantara seperti sedia kala dan
sepanjang masa.
Hamemayu harja harjanti Nuswantara…
Hayu…hinayu…hinayu-hayu Nuswantara !!!
Dirgayur hayu kintu sang anurat…
katon nyata tan netra