Tjariosipun tiyang sepuh ing
padukuhan Dlepih. Kangge ancer2 pinongko babadipun wono Kahyangan
ingkang dumugi sakmeniko lestantun pepunden Dalem ing Keraton
Ngayogjokarto soho ing Keraton Surokarto. Kados ing ngandap puniko.
Wono Kahyangan Dlepih puniko kapernah sakidul wetanipun Kapanewon
pangkreh Tirtomoyo. Tebihipun saking Krajan Kapanewon kirang langkung
3km. Wujudipun wono puniko wono kadjeng Djatos. Manggen saurutipun lepen
Dlepih. Sakweneh wonten ingkang mastani bilih lepen puniko sirahipun
lepen Benawi Solo (bengawan solo) bagian telatahing sisih Kidul.
Ing sak lebeting wono wau wonten patilasan patilasan kados ingkang kapratilaaken ing ngandap puniko.
1- Selo Gilang; Wujudipun inggih selo Manggen ing tengah wono sisih Kidul.
2- Pasiraman; Wujudipun Kedung inggih kedungipun lepen Dlepih. Kapernah sak ngandap ipun Selo Gilang.
3- Panelengan Selo Payung ; Wujudipun Selo nanging montong ngandap ipun
kenging Kangge ngiyup menawi mongso jawah mboten kejawahan.
4- Selo Gapit Utawi Selo Panagkep; Manggen ing sak leripun Selo Payung.
Wujudipun selo kalih jejer, ingkang ngandap nggodag ing nginggil gathuk.
Godhaganipun ing ngandap kenging Kangge lumampah.
5- Selo Bethek Utawi Karang Pasaosan; Manggen ing bagian ler piyambak taksih sak lebeting wono.
Keterangan ingkang kasebat ing nginggil kados ing ngandap puniko.
Menggah grengipun wono Kahyangan wau sejatosipun Patilasan Pratapanipun
Suwargi Kanjeng Panembahan Senopati. Lajeng ka tapak tilas dening
Suwargi Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung. Lajeng ka tapak tilas
malih dening Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan ingkang sepisan ing Negari
Ngayogjokarto Hadiningrat.
Babadipun mekaten.
Naliko Panjenengan ipun Kanjeng Panembahan Senopati sampun katanem ing
Mataram anggentosaken ingkang Romo Kyai Ageng Pamanahan saking
panguwasanipun Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan ing Padjang
Ing ngriku Kanjeng Panembahan Senopati ing dalem kagungan pangangkah sagedo Djumeneng Noto ngratoni ing Tanah Djowo.
Karso ingkang kados mekaten wau linampahan kanti wantering penggalih sarono morotopo.
Saking wantering topo brotonipun saget pinanggih kaliyan Kanjeng Ratu
Kidul ingkang Angedhaton ing telenging Samudro Kidul ngantos kalampahan
Dados Garwo.
Inggih puniko ingkang saget ambombong dateng cipto karsanipun Kanjeng Panembahan Senopati.
Sak sampunipun Kanjeng Panembahan Senopati daup kaliyan Kanjeng Ratu
Kidul. Kanjeng Panembahan Senopati taksih alul teteki morotopo ing wono
wono. Jalaran ancasing penggalih dereng saget kasembadan Pangabektinipun
dumateng ALLOH. Tetep Dzikir sarto Sholat sarto Tawajjuh anglampahi
Agaminipun Islam.
Anuju saktunggaling dinten Kanjeng Panembahan Senopati nedyo mbangun
teki wonten ing wono puncaking Bengawan Solo. Inggih puniko ing lepen
Wiroko bagian Kidul ingkang nomo wono Kahyangan Dlepih.
Ing ngriku Kanjeng Panembahan Senopati topo wonten ing sak ngandap ipun
Selo Payung ngantos lami. Jalaran saking kapranan penggalih saget jumbuh
papanipun kenging kangge meleng nancepaken cipto ingkang wening. Amargi
ing mriku sepen amung wonten suwanten gumrajaging toyo.
Sak lebetipun topo wonten ing sak ngandap ipun selo payung asring
ngenggar enggar penggalih siram ing kedung sak ngandap ipun grojogan.
Sholat lan dzikir wonten ing selo gilang.
Ing mriku anggenipun Kanjeng Panembahan Senopati kasumerepan saktunggaling tiyang estri ing Padukuhan Dlepih aran Nyai Pudju.
Wonten ipun Nyai Pudju saget andatengi Jalaran pandamelanipun pados ron Pudju dateng wono Kahyangan perlu kasade pecelan.
Sareng Nyai Pudju sumerep Kanjeng Panembahan Senopati ing semu kepincut.
Katondo anggenipun pados ron Pudju tansah anggibet ing sak kiwo
tengenipun Pratapan. Ngantos saget pepanggihan lan pangendikan kaliyan
Kanjeng Panembahan Senopati.
Lajeng prasasat Nyai Pudju kesupen Griyo. Pangkat saking Griyo injeng mantuk sonten. Mekaten ngantos dangu.
Nuju saktunggaling dinten Kanjeng Panembahan Senopati kadjujuk ingkang
Garwo Kanjeng Ratu Kidul. Lajeng sami karso ngenggar enggar penggalih
dateng selo pasholatan soho siram dateng kedung pasiraman. Mentas saking
siram Lajeng lelenggahan wonten selo pasholatan.
Mboten katalumpen anggenipun Sholat sarto Dzikir. Tesbeh terus kaasto kagem wiridan. Tasbih wau awujud selo akik.
Nunggil wekdal wau Nyai Pudju bade marak sowan Kanjeng Panembahan
Senopati... sumerep bilih kasusul ingkang Garwo. Nyai Pudju cengkelak
wangsul nasak wono. Lan mantuk ipun dipun lestantun aken ajek wanci
sonten.
Ing saktunggaling wekdal Kyai Pudju tuwuh kasujananipun. Gadah panginten
Yen bilih ingkang estri wau lampah sedheng kanti bidhal injeng wangsul
sonten.
Lan ing sak pengkeripun Nyai Pudju kesah dateng wono. Kyai Pudju Lajeng nelik sarono dedemitan dateng wono.
Dereng ngantos penanggih ingkang estri. Kyai Pudju sumerep Satriyo Bagus
lelenggahan kalian Putri wonten Selo Gilang. Ingkang Kakung ngasto
Tasbih.
Kyai Pudju ndomblong anggenipun ningali panjenengan ipun Kanjeng
Panembahan Senopati awit nuju katingal reno katungkul anggenipun
pirembagan kalian ingkang Garwo ingkang sami majeng mangilen.
Sareng Kanjeng Ratu noleh mirsani pengkeran... njumbul kaget mirsani
dene wonten tiyang jaler jalmo manungso ing saktengahing wono. Lajeng
jumeneng sarwi ngendiko."o kamanungsan"
Saknaliko Lajeng ngajak kundur ndedel. Tasbih ipun ingkang Roko ingkang
anuju kaasto wosono Tasbih wau pedot mawut dawah ing kedung pasiraman.
Kanjeng Panembahan Senopati mitiruti kundur. Sak lebetipun tindak
Kanjeng Ratu Kidul paring dawuh dateng pendereipun ingkang nomo Nyai
Widononggo. Mekaten " he Widononggo kowe kerio ing kene ojo nderek
kundur. Tunggunen pesanggrahan ku lan patilasan Garwaku ing Kahyangan
kene. Lan kowe dak ideni banjur madeg Ratu ing kene. Ngratonono
sakabehaning lelembut ing kiwo tengening kene.
Tasbehe Kakangmas Panembahan Senopati kang Mawut tibo ing kedung
pasiraman reksanen kareben bebranahan sarto tambahono watu watu manik
soko segoro Kidul minongko kanggo pepenget ing mburi dino. Kareben podo
ditemu marang wong kang ngleluri Panjenengane Kakangmas Panembahan. Watu
iki sak pranakane dak dokoki berkah soko Ngarso Dalem ALLOH. Teguh
rahayu slamet. Sopo ing tembe kang nemu lan ngrawat watu iku bakal
kasawaban berkah "
Sedoyo dawuh sampun katampi lan Nyai Widononggo matur sendiko ngestoaken.
Kanjeng Panembahan Senopati sekalian Kanjeng Ratu Kidul nglajengaken kundur mesat dateng Negari Mataram.
Inggaling carios Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan ing Padjang sedo.
Kanjeng Panembahan Senopati Lajeng Djumeneng Noto ing Mataram. Sak
sampunipun Djumeneng Noto tansah enget lelampahanipun Nyai Pudju sarto
Kyai Pudju ing Dlepih. Pramilo Lajeng utusan gandek nimbali Kyai Pudju
lan Nyai Pudju ing Dlepih. Kadawuhan ngirit dateng Mataram.
Sak sampunipun mekaten Kanjeng Panembahan Senopati nglampahaken utusan
malih Patih Mondoroko (Ki Juru Martani) Kadawuhan nusul Utawi methuaken
gandek ingkang ngirit Kyai Pudju lan Nyai Pudju. Ing pundi anggenipun
kapethuk Kyai Pudju Kadawuhan amejahi.. amargi doso nyujanani
Panjenengane Kanjeng Panembahan lan mboten pitados dateng garwanipun
ingkang saestu prasetyo dateng Kakung.
Dene Nyai Pudju Kadawuhan ngirit terus dateng Mataram.
Kalampahan sareng utusan dumugi ing Djati Bedug kapethuk utusan ingkang ngirit Kyai Pudju lan Nyai Pudju
Utusan ngandaraken Lajeng dawuh aken timbalan Dalem. Kyai Pudju inggih
mboten suwolo amargi rumaos doso ing Ratu lan Garwo. Kalampahan Kyai
Pudju Dipun pejahi lan djisimipun dipun pendem ing selo tinumpuk.
Dene Nyai Pudju Lajeng dipun irit dateng Mataram. Wonten ing Mataram
Nyai Pudju ngantos sak wetawis dangu. Lajeng Kadawuhan mantuk dateng
Dlepih. Kaparingan ganjaran awarni pengangge sarto lenggah siti.
Kadawuhan rumekso wonten ing Pasanggrahan Kahyangan Dlepih.
Mekaten sak wetawis babad ing Dlepih Utawi wono Kahyangan lan kawulo pendet wosipun kemawon.
Dumugi Sak puniko wono Kahyangan taksih dinamel teteki dening tetiyang
ingkang pados pepadang lan ngleluri Panembahan Senopati soho saking
Keraton Surokarto lan Keraton Ngayogjokarto ngawontenaken Labuhan saben
sewindu (8th) sepindah.