Ing ngisor iki amratelakake urut-urutane Wahananing Dzat kabeh.
Dzat mutlak kang kadim azali abadi.
1. Chayu, tegese urip, kasebut atma.
2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.
3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.
4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.
5. Napsu, tegese angkara.
6. Akal, tegese budi.
7. Jasad, tegese badan.
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning
urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake
ora mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna
tanpa rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu,
dipralambangi : ”Kombang angajap ing tawang”, tegese : kombang angleng
ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka
durung sanyata ing kahanan.
Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning
Dzat sejati, dipralambangi : ”Kusuma anjarah ing tawang”, tegese :
kembang tuwuh ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut :
takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip,
awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : ”Tunjung
tanpa talaga”, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing
dalem martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.
Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning
pramana sajati, dipralambangi : ”Isining wuluh wungwang”, tegese : ora
kawistara isen-isening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat
kasebut : akyan sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning
pramana sajati, dipralambangi : ”Tapaking Kuntul anglayang”, tegese :
ora mawa labet tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem
martabat kasebut : akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.
Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning
sukma sajati, dipralambangi : ”Geni murub ing teleng samudra”, tegese :
kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat
kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning
angkara sajati, dipralambangi : ”Kuda ngerap ing pandengan”, tegese :
jaran anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara,
surasane pada karo pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem
martabat kasebut : akyan maknawiyah, dening sanyata kawedar ing
kahanane.
Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para
mudah kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening
pakumpulaning sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan
jasmani kabeh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : ”Kodok
kinemulan ing leng”, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana
sajroning jasad, eleng ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku
kahaning Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene
manawajamaning Dzat ing delahan, dipralambangi : ”Kodok angemuli ing
leng”, tegese : jasad genti dumunung ana ing jero, iya iku kahanane
sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi pada
tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.
DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA LAN ING DELAHAN (AKHIRAT)
Kodok kinemulan ing Leng —— Kodok angemuli ing Leng
Kahanane ing Dunya —– Kahanane ing Achirat
DZATING GUSTI KANG NGUWASANI
ING ATASE TURU TANGI LAN PATINING JSAD KITA
Balik mungguh Dzating Gusti iku kaceke karo kawula dening adanbeni
pangawasa, wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.
Kaya upamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi,
pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep
dening wisesaning suksma, rerem sajroning Bait al makmur, banjur amuntu
ing wiwaraning pramana, anglerep saniskaraning pancadriya, mangka
kaprabawa dening pangawasaning suksma anggelar pangrasa, wahanane dadi
turu kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming
ngimpi, kalaksanan saliring saloh bawa kabeh.
Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar
wiwaraning pramana, banjur angredakake hawaning napsu, anuwuhake
pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane
dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara
kang katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan
anigasi tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa
weruh kang katonton ing alam dunya maneh.
Kaya mangkono uga umpamane manawa karkating jasad katarik ing
pangrasaning budi, pangrasaning bbudi kairup ing hawaning napsu,
hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, wisesaning suksma
kakukud marang pangawasaning rahsa, banjur luluh manjing ing dalem
pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining
Dzat mutlak kang kadin azali abadi, ing kono wahanane diarani matri
kahananing jasad kita, ananging satemene ora mati, amung ngalih
panggonan bae, malah waluya uripe langgeng ana ing kahanan kang maha
mulya, mula dipralambangi : tanggal pisan kapurnaman tegese : durung
suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur bisa bali maneh dadi manungsa
kang sampurna sarta waskita ing saniskara.
PATRAPE MANEKUNG (SEMADI)
Dene santosaning pangesti kayektekake kang dadi tandane, iku Manawa
pinesu ing sajroning manekung anungka semadi aneges karsa, amrsudi
kawasa, adapt kang wis kalakon, ana mangunah teka kagawa ing utusan metu
saka sarira kita kang amaha mulya, amawa tanda katon saka pramana
karasa ing dalem rahsa, ing kono Manawa katarima kang cinipta dadi, kang
sinedya ana, kang kinarsan teka saka parmaning Kang Kawasa, mungguh
pratikele Manawa arep manekung saka wsiyate Kanjeng Panembahan Senapati
Ingalaga Mataram, kaya ing ngisor iki.
Wiwit angurangi dahar sare, anyegah sahwat ambirat napsu hawa ing
sawatara dina, banjur pasa anglowong sarta ambisu ing dalem telung dina
telung bengi, ora kena angemu sak serik duka cipta, Manawa pasane wis
kari sawengi ora kena sare, bareng ing wayah tengah wengi adus banjur
manganggo kang sarwa suci, sarta akekonyoh (damel) ganda wida jebab
wangi (minyak wangi), adedupa madep mangetan utawa mangulon angarepake
keblate dewe, tumeka ing wayah bangun esuk iku wiwit tafakur mati raga
nutupi babahan nawasanga, patrape pitekur, jempol sikil ketemokake pada
jempol sikil dipapak, polok katemukake pada polok di gatuk, jengku
katemokake pada jengku dirapet, palanangan sapalandungane sinipat karo
jempol sikil dibener aja nganti katindihan, nuli asta karo angrangkul
jengku patrap sidakep suku tunggal, darijining asta pada antuk ing
selaning dariji kaya angapu rancang, jempol asta banjur winawas karo
pucuking grana, nuli anata wetuning napas tanapas anpas nupus, aja
nganti tumpang suh kumpule dadi siwiji, ing kono tinarik saka kiwa
tumeka ing puser leren saantara suwene banjur katurunake anengen metu
ing leng grana tengen kang alon aja nganti kasusu.
Manawa wis sareh anarik napas maneh saka tengen tumeka ing puser leren
saantara suwene banjur katurunake angiwa metu ing leng grana kiwa kang
alon aja nganti kasusu, ambal kaping telu kaya mangkono panariking
napas, wekasane manawa sareh anarik napas maneh saka kiwa mubeng
anengen, saka tengen mubeng angiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing
puser, banjur katarik manduwur bener kang sareh, leren tinata ana ing
dada, banjur katarik manduwur maneh kang alon-alon, leren tinata ana ing
sirah, ing kono angenengake cipta sarwi osik matrapake panjenenganing
Dzat kaya mangkene :
Bismillahirrohmanirrohim
“Ingsung Tajalining Dzat Kang Amaha Suci, Kang Amurba Amisesa kang
Kawasa angandika kun fayakun, dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun,
teka sakarsaningsun, ……………… anung………….. metu saka ing kudratingsun”.
Manawa wis mangkono, adat pada sanalika bae kayektenan kang dadi
tandane, nuli panariking napas katurunake metu ing leng grana karo pisan
kang alon aja nganti kasusu, ing wekasan pasrah analangsa marang Dzat
kita dewe.
Mungguh patraping panekungan iku prayogane bisaa kalakon ing saben sasi
sapisan, arane amung saben ing dina ijabah bae aja nganti katowangan
(kelalen), sabab ing kono waktuning katarima saliring panuwun, kaya kang
kasebut kapratelakake ing ngisor iki.
1. Sasi Muharram, ijabahe tanggal kaping 9, karo tanggal kaping 10.
2. Sasi Mulud, ijabahe tanggal kaping 12.
3. Sasi Rejeb, ijabahe tanggal kaping 27.
4. Sasi Ruwah ijabahe tanggal kaping 15.
5. Sasi Pasa, ijabahe tanggal kaping 21, 23, 25, 27 utawa tanggal kaping 29.
6. Sasi Besar, ijabahe tanggal kaping 8 utawa tanggal kaping 9.
Liyane dina-dina ing duwur iku pada sepen tanpa dina ijabah.
Urut-uruting Arane Wahananing Dzat
Ing mengko amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat kang wis kasebut ing ngarep kabeh mau kaya ing ngisor iki.
CHAYU
Kang dinging Chayu tegese urip, diarani Chayun tegese panguripan,
diarani maneh Chayat tegese anguripi, diarani maneh Chayu Daim tegese
urip kang tetep, ananging sejatine iya among sawiji Chayu iku.
N U R
Kang kapindo Nur tegese Cahya, iku sejatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan.
1. Nur Riyat tegese cahya samar, warnane ireng.
2. Nur Rani tegese cahyo loro, iya iku cahya kapindo, warnane abang.
3. Nur Mahdi tegese cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat tegese cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji, warnane putih
Mungguh grebane kabeh iku, kasebut Nurullah tegese cahyaning Allah.
S I R
Kang kaping telu Sir tegese rahsa, iku sejatine iya amung siwiji, ananging dinamani dadi nem pasebutan.
1. Sir Ibtadi tegese rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahiri tegese rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali tegese rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji tegese rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
5. Sir Hakiki tegese rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi tegese rahsa tunggal, dinamani Sir Gaibi tegese rahsa gaib, iya iku dadi wahyaning asmaragama.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Sirullah tegese rahsaning Allah.
R O H
Kang kaping pat Roh tegese nyawa utama suksma, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasebutan.
1. Roh Jasmani tegese nyawaning jasad, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake anggaotaning badan, dingibaratake roh kewani tegese
kaupamakake nyawa kang anguripi sato kewa.
2. Roh Nabati tegese nyawaning tumuwuh, iya iku wewanyanganing nyawa
kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane, tumanem dadi uriping budi.
3. Roh Napsani tegese nyawaning napsu, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake hawananing napsu.
4. Roh Rochani tegese nyawaning suksma, iya iku wewayangananing nyawa kang anguripake warananing suksma.
5. Roh Rahmani tegese nyawaning kang sifat murah diarani Roh Rabani
tegese nyawaning Pangeran, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake
kahananing rahsa.
6. Roh Nurani tegese nyawaning cahya, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi tegese nyawa kang wening diarani Roh Kudus tegese nyawa
kang suci, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake ananing atma.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Rochullah tegese nyawaning Allah.
Dene terange wewejanganing Roh iku manawa karujukake karo wasiyate
Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, nalika musawaratan ngelmu
kadawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mangkene pangandika dalem.
Sejatine Roh iku sawiji minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa
utawa jiwa kasebut aran suksma, prabedane pada amawa tanda
sowang-sowang.
1. Tandaning Roh iku anganakake getih.
2. Tandaning Nyawa anganakake keketek.
3. Tandaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandaning Suksma anganakake rasaning jasad.
Ananging Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patemone jasad lan napas iku den arani Suksma Wahya tegese suksma lair.
2. Patemoning napas lan budi iku den arani Suksma Dyatmika tegese suksma batin.
3. Patemoning budi lan napsu iku den arani Suksma Lana tegese suksma tetep.
4. Patemoning napsu lan nyawa iku den arani Suksma Mulya tegese suksma mulus.
5. Patemoning nyawa lan rahsa iku den arani Suksma Jati tegese suksma nyata, den arani maneh Suksma Rasa tegese suksma rahsa.
6. Patemoning rahsa lan cahya iku den arani Suksma Wisesa tegese suksma wenang.
7. Patemoning cahya lan urip iku den arani Suksma Kawekas tegese suksma pungkasan.
Dene patemoning Suksma kabeh iku dadi Suksma Adi Luwih tegese suksma
utama, yen kumpul dadi Retna Inten Jumanten, iku ngibarating martabat
Wachidiyat, campur dadi Sasraludira, iku ngibarating martabat Wahdat,
sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya
dadi Manik Maya gumilang tanpa wewayangan tegese bali dadi Dzating nukat
gaib, mulih marang azali abadi.
N A P S U
Kang kaping lima Napsu tegese angkara, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi patang pasebutan.
1. Napsu Luwamah tegese angangsa, darbe hawa amarakake dahaga arip luwe
sapanunggalane, hawane ing waduk, wahyane saka lesan kasebut dadi
ngibarat kahananing ati kang asorot ireng, sampurnane anarik leburing
wulu kuku.
2. Napsu Amarah tegese sereng, darbe hawa amarakake angkara, panasten
deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna (kuping)
kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot abang, sampurnane
anarik leburing kulit getih.
3. Napsu Sufiyah tegese meles, dinamani napsu Suwiyah tegese adreng,
darbe hawa amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan
sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra kasebut dadi
ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik leburing
daging otot.
4. Napsu Mutmainah tegese jinem, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba
marang kautaman, kaya ta anglakoni puja brata tapa brata kang
kalantur-lantur ora mawa watara, wahanane ing bebalung wahyane saka
grana (irung) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih,
sampurnane anarik leburing balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utek, dumunung ing ati
dadi cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wetune saka jantung banjur
dadi nupus, katampan ing ati maneh banjur dadi anpas, anunggal
lakunimng getih banjur dadi tanapas, agambah marang maras banjur dadi
napas, sumarambah ing jasad banjur ametokake swara saka lesan, mula
sangkaning cipta birahi, nupus, anpas, tanapas, napas, swara, iku pada
metu saka hawaning napsu kabeh.
A K A L
Kang kaping nem Akal tegese budi, iku sajatine iya amung sawiji,
ananging dinamani dadi limang pasebutan, manawa kaetung dalah kang
arangkep nama dadi pitung pasebutan, pada anartani marang ngibarat
namaning ati, kadadiyane anunggal pasebutan.
1. Budi Maknawi, iya ati manakwi tegese wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari tegese wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda tegese woding ati, dadi ngibarat kahananing budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at tegese woting jajantung, dinamani budi jaki
utawa ati jaki tegese ati suci dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri tegese rahsaning ati, dinamani budi safi
utawa ati safi tegese ati wening dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, tegese
ati lima, iya iku pangawasa kang metu saka rahsaning budi, peperangane
dadi telung pangkat pada anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya tegese purbaning budi, kayata : paningal, pamiyarsa, pangganda, pamirasa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya tegese antaraning budi kayata : keketek, napas, kedeping netra, rasaning lidah, kenyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya tegese wisesaning budi, kayata : karasaning kulit, parji, dubur, asta, sikil.
J A S A D
Kang kaping pitu Jasad tegese badan, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi rong pasebutan.
1. Jasad Turab tegese badan kadadiyan saka lebu, dibasakake badan jasmani iya iku badan wadag.
2. Jasad Latip tegese badan alus, dibasakake badan rochani iya iku badan suksma.
Mungguh janjine badan wadag karo badan alus iku ora kena pisah, sangkan
parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging
wewangsulan ing tembe badan wadag iku luluh sampurna ana sajroning badan
alus, kalimputan dening Chayu Daim tegese urip kang tetep dumunung ing
kahanan kita pribadi, mula dipralambangi : warangka manjing curiga
tegese badan wadag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadag
isih dadi emban, lambange : curiga manjing warangka tegese badan alus
isih dumunung sajroning badan wadag.
Pratikele Angluluh Ing Badan Wadag
Dene pratikele angluluh badan wadag mau, saka wsiyat dalem Ingkang
Sinuhun Kanjeng Susunan Pakubuwana I, kena kalanteh anglakoni tapa brata
kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci tegese taberi adus esuk.
2. Angengurangi dahar tegese dahara manawa banget luwe.
3. Angengurangi ngunjuk tegese angunjuka manawa banget kasatan.
4. Angengurangi sare tegese sareya manawa banget karipan.
5. Angarang-arangi pangandika tegese angandika manawa nganggo masa kala.
6. Anguda-uda sahwat tegese asahwata karo garwa manawa banget kangen.
7. Ambirat napsu tegese aja nganti angumbar hawa, angagema budi trima, lila, temen, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, angger ora kawistara, sarta dumunung ing asepen iya wallahu alam katarimane.
Dene manawa arep waskita dununging asepen, iku, sakaliring rupa kita
kapasrahena marang kang adarbe rupa sakaliring swara kita kaulihena
marang kang adarbe swara, paninggal kita, pamiyarsa kita, panganda kita
pangrasa kita, pamirasa kita, pada kabalekena marang sangkane dewe-dewe.
Mungguh patrape anyidakake eninging rahsa, angawasake enenging
pancadriya, tegese anglerenake saniskaraning ngaurip kabeh, manawa wis
bisa mangkono, iya iku bebasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo
andeprok, lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu,
turu karo amelek kaya mangkono ngibarate.
WARAHING HIDAYAT JATI
Iki Warahing Hidayat Jati, anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat
wewejangan saka para Wali ing Tanah Jawa, sasedane Kanjeng Susuhunan ing
Ngampeldenta, pada karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wewejangan
surasaning ngelmu kasampurnan dewe-dewe, wiyose iya uga asal saka Dalil
Hadis Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh,
mungguh pepangkatane sawiji-wiji kapratelakake ing ngisor iki :
Kang dingin, saankatan nalika jaman awale nagara ing Demak, para Wali kang karsa amejang amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadaton, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Tandes, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Majagung, wejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Benang, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur.
5. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhan ing Kalinyamat, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati, wewejangane, Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Kajenar, wewejangane, Sasahidan.
Kang kapindo, ing saangkatan maneh nalika jaman akhire nagara ing Demak, para Wali karsa amejang iya amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Parapen, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Darajat, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin, wewejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga, wewejangane, Pambukaning Tata malige
ing dalem Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote
amatrapake panjenenganing Dzat kabeh, nanging durung urut patrap
panggonane ing sawiji-wiji.
5. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat, kalilan dening guru Kanjeng Susuhunan
Kalijaga, ambabarake wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem
Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhunan ing Padusan, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Kudus, wewejangane, Panetep Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Geseng, wewejangane, Sasahidan.
Dene wewejangane kang wis kasebut ing duwur iku, surasane iya anunggal
bae, amarga pada wewiridan saka pamejange Kanjeng Susuhunan Ngampeldenta
kabeh, mula ing mangko kaimpun dadi sawiji, supaya gampanga enggonku
angrasakake riwayating Dalil Hadis Ijmak Kiyas, sarehne hakekate Dzating
Pangeran Kang Amaha Suci iku binasakake luwih dening gaib, tanpa warna
tanpa rupa, asifat dudu lanang, dudu wadon, dudu wandu, sarta ora mawa
jaman, ora arah ora enggon, amung cipta-sasmita dumunung ana waskita,
wewisikane ora ana apa-apa, sakehe kang kasebut iku dudu sajatining Dzat
kabeh, ananging kang wajib kaimanake amung Ingsun.
Mungguh wewisikane kang wis waskita iku, manawa durung bisa anampani ing
panggalih, prayoga amarsudi ing surasane pangimpuning para wewejangan
kabeh, kaya kang kasebut ana Warahing Hidayat Jati mangkene.
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa, dibasakake Dzat mutlak
kadim azali abadi, tegese asifat sawiji, kang amasti dingin dewe nalika
isih awang0uwung salawase ing kahanan kita, iya iku jueneng pribadi, ana
sajroning nukat gaib kang keluwih langgeng, ing kono amedarake kurat
iradate dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing
sifat, asma afngal kabeh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji.
1. Chayu, tegese urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, tegese, cahya, dumunung sajabaning Dzat.
3. Sir, tegese rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, tegese nyawa, diarani sukma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, tegese angkara, dumunung sajabaning sukma.
6. Akal, tegese budi, dumuning sajabaning napsu.
7. Jasad, tegese badan, dumunung sajabaning budi.
Denen Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake
anguripi kahananing cahya, rahsa, sukma, napsu, budi, badan kabeh,
sumarambah saka ing wiwitan tumeka ing wekasan, mungguh wewijangane kaya
ing ngisor iki.
1. Ing nalika kayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra ing
netra, wahanane dadi bisa aningali iya iku paningaling Dzat angagem ing
netra kita.
2. Ing nalika kayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana,
wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagem ing
grana kita.
3. Ing nalika kayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah,
wahanane dadi bisa angandika, iya iku pangandukaning Dzat angagem lesan
kita.
4. Ing nalika kayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan,
wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagem ing
karna kita.
5. Ing nalika kayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati,
wahanane dadi bisa birahi anduweni karsa, iya iku karsaning Dzat angagem
ing ati kita.
6. Ing nalika kayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing getih,
wahanane dadi bisa ambekan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadene,
iya iku afngaling Dzat angagem ing saulah kita, saestu ora beda ing
nalika amratandani agngal sajroning alam, banjur bisa amolahake
srengenge rembulan angin sapanunggalane, saisen-isening alam kabeh ,
pada dumunung ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasebut ing ngisor
iki :
a. Dzat amurba Kayu, tegese Dzat iku witing urip.
b. Kayu amisesa Nur, tegese urip iku amengku wahyaning cahya.
c. Nur kang misesa Sir, tegese cahya iku amengku uriping suksma.
d. Sir amisesa Roh, tegese rahsa iku amengku uriping suksma.
e. Roh amisesa Napsu, tegese suksma iku amengku uriping napsu.
f. Napsu amisesa Akal, tegese napsu iku amengku uriping budi.
g. Akal amisesa jasad, tegese budi iku amengku uriping jasad. Mungguh baline mangkene.
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa
dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kaisesa dening cahya,
cahya kaiwisesa dening urip, urip kapurba Dzat, mulane wahananing urip
iku tanpa wangenan karo ananing Dzat, iya urip kita iku Dzating Gusti
Kang Amaha Suci Sajati, aja uwas sumelang ing galih.
APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING JAMAN KARAMATULLAH
Iki wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kaleksanan ing sajroning jaman Karamatullah, kaya mangkene.
Ing atasing aral basariyah kabeh, yekti pada anandang jawaliyah, tegese
pepalanganing manungsa iku pada kena owah gingsir, iya iku dadi
pratandane apesing kawula, kayektenan ing dalem adam kukmi, katon saka
pangrasa kaya ing ngisor iki :
1. Alam Rochiyah.
Kang dingin, awit katon alam Rochiyah, tegese alaming nyawa, apadang
dudu padanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing tengah ing
ngisor ing duwur, ing kono aningali sagara tanpa tepi, iku wahananing
ati kawimbuhan cahyaning utek, satengahing sagara katon ana duryat
pancamaya warna kaya teja gumawangcahyane, iku wahananing jantung
kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang pancamaya
anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, empane dumunung ana
ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa,
diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabeh, ing
nalika iku aja nganti kasamaran marang panengeraning rupa kang sajati,
iya iku rupa kita pribadi.
2. Alam Siriyah.
Kang kaindo, sasirnaning alam Rochiyah, katon alam Siriyah, tegese
alaming rahsa, padange angluwihi padanging alam Rochiyah, ing kono
tekaning cahya patang warna ireng abang kuning putih, iku wahananing
budi, ametokake kahananing napsu patang prakara, kang pada dadi
durgamaning ati, katone tumurun siji-siji, kang wiwit katon dingin,
cahya ireng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip
amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahyane
saka lesan, kadadiyane ing sajroning cahya ireng katon sakaliring sato
kewan miwah gegremet, pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane
bumi ganjing, alaming napsu diarani alam Nasut, tegese lali, ing nalika
iku panggonaning lali, poma dienget, sarta santosa, aja nganti korup ana
sajroning cahya ireng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah
gegremetan.
Ora antara suwe cahya ireng sirna, nuli katon cahya abang, iku
kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara,
panaten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna,
kadadiyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani
brekasakan, iya pada ngragada kaya anganggep Pangeran, prabawane geni
murub gede angalad-alad, alaming napsu diarani alam Jabarut, tegese
asreng, ing nalika iku panggonaning rekasa, poma disareh sarta santosa,
aja nganti korup sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang
brakasakan.
Ora anatara suwe cahya abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku
kahananing nafsu Sufiyah, wahanane ing nalika urip amarakake murka,
pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa,
wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon
sakaliring manuk miwah bangsa iber-iberan, iya pada angragada kaya
anganggep Pangeran, prabawane angin pancawara gede, alaming napsu
diarani alam Lahut, tegese gingsir, ing nalika iku panggonaning renggang
saliring anggaota, poma ditetep, sarta, santosa, aja nganti korup ana
sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa
iber-iberan.
Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing
napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman
sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur,
ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana, kadadiyane
ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning
beburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya pada angragada kaya anganggep
Pangeran, prabawane banyu wening tanpa sangkan, alaming napsu diarani
alam Malakut, tegese karaton, ing nalika iku panggonane uninga ing
karaton kang rinakit Maha Mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya
putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning beburon banyu.
3. Alam Nuriyah.
Kang kaping telu, sasirnaning alam Sariyah, katon alam Nuriyah, tegese
alaming cahya, padange angluwihi padanging alam Sariyah, ing kono
tekaning cahya amancawarna, ireng abang kuning putih, ijo gumelar bareng
pada katon karaton sarwa raras kabeh, iku wahanane pancadriya,
kawimbuhan cahyaning pramana, alaming pancadriya diarani alam Hidayat,
tegese pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumelaring
karaton, anaging dudu sejatine karaton kang rinakit Maha Mulya, iya iku
karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya
ireng, iku dzating sato kewan miwah gegeremetan, kang katon ana
sajroning cahya abang, iku karaton dzating brekasakan, kang katon ana
sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa
iber-iberan, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating
iwak loh miwah bangsaning beburon banyu, kang katong ana sajroning cahya
ijo, iku karatong dzating tetuwuhan, ing nalika kapiyarsa swara kaya
anuduhake karatong kang agung kang Amaha Mulya, poma dijinem sarta
santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalebu ing
karaton panasaran.
4. Alam Nuriyah Luhur.
Kang kaping pat, isih ana sajroning alam Nuriyah, ing kono katon cahya
wening, sajroning cahya ana murub sawiji angadeg sasada lanang gedene,
darbe sorot wolung warna, ireng abang kuning putih ijo biru wungu dadu,
gumelar pada katon swarga asri kabeh, iku wahanane warnaning pramana,
kawimbuhan dening sukma, alaming pramana diarani alam Iskat, tegese
birahi, dening panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga,
ananging dudu sajatining swarga kang amaha suci, dudu panggonan kang
nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabeh, amung panggonan
kamukten bae, kaya ta :
a. Kang katon swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning
bumi, iku kadadiyan saka kanistaning cipta, yen jumeneng ana ing kono,
bokmanawa dadi ratuning jin ireng.
b. Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sesotya geniyara,
iku kadadiyan saka dustaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin abang.
c. Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku
kadadiyan saka doraning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin kuning.
d. Kang katon swarga sarwa putih maya-mayawenes mimba manikmaya, iku
kadadiyan saka setyaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin putih.
e. Kang katon swarga sarwa ijo angenguwung mimba manik tejamaya, iku
kadadiyan saka santosaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin ijo.
f. Kang katon swarga sarwa miru muyek mimba manik nilapakaja, iku
kadadiyan saka sambawaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin biru.
g. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mirah pusparaga, iku kadadiyan
saka sambadaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin wungu.
h. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba mirah dalima, iku kadadiyan
saka owah gingsiring cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin dadu, ing nalika iku kambu gandane sakehing kahyangan mau
amrik arum angambar kaya anarik rahsa, poma aja nganti karasakake,
bokmanawa kalebu ing swarga panasaran.
5. Alam Uluhiyah.
Kaping lima, sasirnaning alam Nuriyah, katon alam Uluhiyah, iya iku alam
Ilahiyah, tegese alaming Pangeran, padange angluwihi padanging alam
Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating
rerupan kaya tawon gumana, jumeneng ing makam pana, iku warnaning sukma
kang amimbuhi ing saliring warna kabeh, anglimputi saubenging jagad
cilik jagad gede ing saisen-isene, ananging uripe saka pramananing
rahsa, ing nalika iku tekaning malaekat awarna bapa kaki, sapanunggalane
leluhur lanang, angaku utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid
marang chalaratullah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku
afngaling suksma kita pribadi.
6. Alam Uluhiyah Luhur.
Kang kaping nem, isih sajroning alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padange,
ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rerupan
kaya golek gading asawang peputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu
wandu, jumeneng ing makam baka, iku pramananing rahsa, kang amurba
amisesa ing alam kabeh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku
tekaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane leluhur wadon,
angaku utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid marang
chalaratullah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku afngaling
rahsa kita pribadi.
7. Alam Uluhiyah Luhur Dewe.
Kang kaping pitu, isih sajroning alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padange,
ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wewayangan, iku
Dzating atma, anunggal sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora
arah, ora enggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang
amurba amisesa, kang kawasa anitahake sakaliring alam, anglimputi ing
alam kabeh, apranawa mengku saliring makam sampurna, urip dewe ora ana
kang nguripi, dibasakake : chayun bila rochin, tegese urip tanpa nyawa,
iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha Suci Sajati, kang Agung Dzate, kang
elok sifate, kang wisesa asmane, kang samprna afngale, dumunung ing urip
kita pribadi, ing kono tanpa antara pamoring kawula gusti, iya iku urip
kita mulih dadi Sajatining Dzat mutlak kang kadim azali abadi,
dibasakake : chayun pitdareni, tegese urip ing kahanan loro, ana ing
alam Sahir kita urip, ana ing alam Kabir iya urip, pada sanalika banjur
enget ing wentehan saniskaraning purwa madya wasana kabeh. Aja uwas
sumelang maneh, ing wekasan sumelang maneh, ing wekasan sumangga,
anggon-anggon ana ing karsa, katarima ing sarira, aku mung drema
angimpun sakaliring ngelmu saka wewejanganing guru sawiji-wiji,
pangrasaning ati wis genep, kuranga kaya ora akeh, anjaba amung
wejangane Kyai Ageng Liman, iku pakewuh enggonku matrapake, sabab unine
kaya ngelmu Kabuddan, mangkene pamejange.
“Hyang-hyang jawata yoganing ngulun, kawidekna kapiya karep, gunung lawu
sap pitu iku kabeh”. Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya
amemuji aja nganti mati ing saenggon-enggon, bisaa mati kaulesan lawon
lapis pitu, ananging pakewuhing patrap dening unine kang andadekake ora
pakoleh.
Ing wusana aku matur ambodoni, ana kang durung pati terang ing
sesurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda becik, menawa
ing buri ana kang wis oleh katerangane ing sesurupan, anyumanggakake
patrape pangganggone.
Dene pemutku Wirid iki ora kena kapariksa marang kang durung tunggal
ngelmu, bokmanawa kawancenan mundak apa pakolehe, destun amung
bebantahan bae, mulane banget-banget ing welingku, aja nganti para
bantahan, muga kagaliha ing sayektine.
WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA
BISAA ANGGANDA ARUM
Bab pambirating ganda ala, bisaa anganda becik, saiki aku wis oleh
sesurupane, saka pamejange sawijining guruku, samengko ngelmu mau
kagelarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki,
manggon ing pungkasan.
Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kanjeng Susuhunan Kalijaga, kang kawasiyatake marang putra wayah kabeh.
Saka pituduhe Kyai Guru, mungguh kang katembungake Kanjeng Susuhunan
Lepen, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya Banyu Urip, iya ananing
urip kita pribadi.
Wondene patraping pangonane, surasane ngelmu ikikaesti ing dalem cipta,
ing nalika anyipta cancuding amatrapake psnjenenganing Dzat, utawa
kawisikake marang wong kang wis ngangkat sakarat.
Para kang pada nganggo ngelmu iki, kang wis katatan (kalakon), jisime
banjur bisa anggando arum, dadi kang pada ngupakara pada rahab kabeh,
resep enggone ngrukti.
Iki Ngelmune Kang Kaesti :
Bismillahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah ganda
kari rasa, badanku arum, selehku arum, rak-lap tan ana karsa, dong
ginendong saking karsane Gusti laailaha illalloh muhammad rosululloh .