Wiwit jaman kawuri bebrayan Jawa diwernani mistik
Wong Jawa kang ateges manungsa kang lair utawa urip ing tanah Jawa lan
kenthel diwernani kabudayan Jawa tansah nyoba ngudi larase utawa harmoni
antarane jagad gedhe (makrokosmos) lan jagad cilik (mikrokosmos).
Kanggo nggayuh iku, wong Jawa duwe srana laku kebatinan utawa ritual
mistik kejawen kanggo nemokakake rasa sejati ing sajroning pangumbarane
sukma. Laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen iku tumrap saperangan
warga bebrayan isih nuwuhake pradondi.
Ana saperangan warga bebrayan kang ngarani yen laku kebatian utawa
ritual mistik kejawen iku ora salaras kalawan majune jaman saiki, ora
laras kalawan logika, lan akeh kang mbiji laku mistik kejawen iku ora
salaras kalawan ajaran agama.
Kayadene terminologi dhasar ing laku mistik kejawen kang sinebut keblat
papat lima pancer lan manunggaling kawula gusti wiwit jaman kawuri wis
nuwuhake pamawas kang beda-beda.bedane panemu lan pitakonan kang
gegayutan kalawan ritual mistik kejawen.
Piwulang-piwulang filsafati lan wejangan mistik saka para tokoh kang wis
dadi legenda. Antarane yaiku Syeh Siti Jenar, Ki Ageng
Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga.
Ing wiwitan dijlentrehake asal usule kejawen. Miturut andharan asal usul
kejawen kawiwitan saka tokoh misteri aran Sri lan Sadono. Sri iku
panjilmane Dewi Laksmi, sisihane Dewa Wisnu lan Sadono iku panjilmane
Wisnu dhewe.
Dewi Sri lan Wisnu iki, miturut andharan ing Tantu Panggelaran pancen
tau diprentah mudhun ing ngarcapada lan dadi leluhure manungsa ing tanah
Jawa. Dewi Sri nitis marang Dewi Candrakirana saka krajan Daha. Dene
Sadono nitis dadi Raden Panji.
Saka crita mula bukane manungsa Jawa adhedhasar crita ing Tantu
Panggelaran iku wis nuduhake yen wiwit jaman kawuri bebrayan kejawen
pancen akeh ngugemi lan cedhak kalawan mistik. Laku lan paugeran mistik
wis ajur-ajer kalawan urip lan panguripane wong Jawa.
Mistik Sri lan Sadono iki ing tradhisi kejawen sabanjure ninggalake
keyakinan lan tradhisi patung cilik aran Lara Blonyo. Dene piwulang lan
paugeran kuna kang dadi pathokan kang raket gandheng cenenge kalawan
mistik Sri-Sadono yaiku falsafah Ajisaka.
Ajisaka ateges cagak utawa saka guru kang nyangga lan ndadekake
santosane jiwa manungsa, yaiku religiusitas. Religiusitas Jawa ora liya
mistik kejawen. Mistik kejawen mujudake saka guru urip lan panguripane
kejawen. Karana iku, kejawen tanpa mistik ateges ora sampurna kejawene.
Kejawen lan mistik wus nyawiji dadi wujude religi mistik kejawen.
Kejawen lelandhesan crita Sri-Sadono dianggep makili jaman nalika
manungsa Jawa isih bodho. Nalika Ajisaka tumeka ing tanah Jawa, bebrayan
Jawa ngancik dadi bebrayan kang duwe ngelmu. Ya Ajisaka iki kang
sabanjure dadi saka guru ngelmune wong Jawa. Ajisaka didunungake
minangka tokoh kang mulangake kejawen ndeles utawa asli.
Bebrayan kejawen kang maneka rupa lan warna, ngasilake maneka warna
golongan lan tradhisi ing panguripane wong Jawa. Malah ing sanjerone
akeh paguyuban-paguyuban kang tansah ngrembug alam uripe.
Paguyuban-paguyuban iku luwih asipat mistis lan adhedhasar konsep rukun.
Pawitan dhasare komunitas iki mung arupa tekad lan niat kang padha
kanggo nguri-uri tradhisi leluhur. Saben tlatah kejawen uga duwe
paugaren mligi. Saben tlatah duwe kosmogoni lan mitos dhewe. Mitos-mitos
ing saben tlatah kejawen iku ana kang didadekake keblating urip, dipuja
lan disuyuti sarta didunungake ing papan kang mligi ing jagad uripe.
Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe. Wong Banyuwangi
uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan
Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing
Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta
isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike
Panembahan Senapati.
Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya
leluhur kang asipat turun temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora,
wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur minangka pondasi
uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini,
Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa
tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.
Tradhisi kejawen uga asipat lentur lan akomodatif, saengga bisa nampa
keyakinan asumber liya. Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha,
Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing paugerane wong-wong
abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli. Ana
candhake.
Akeh pepundhen Jawa kang sugih pengalaman mistik
Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe.
Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi.
Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok,
ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong
Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan
mistike Panembahan Senapati.
Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya
leluhur kang asipat turun temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora,
wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur minangka pondasi
uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini,
Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa
tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.
Tradhisi kejawen uga asipat luwes lan akomodatif, saengga bisa nampa
keyakinan asumber liya. Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha,
Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing paugerane wong-wong
abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli.
Sarujuk apa ora, Syekh Siti Jenar wis mernani jagad mistik kejawen.
Mistik kang diwulangake dening Syekh Siti Jenar pancen nuwuhake pradondi
nganti tumeka saiki. Apamaneh nalika dheweke ngrembug babagan Gusti
Kang Maha Kuwasa lan babagan pati.
Ana saperangan bebrayan nganggep piwulang mistik saka Syeh Siti Jenar
kalebu kaku, mistike akeh sing landhep dudu sing alus. Ana uga bebrayan
kang ngecap yen dheweke iku nganut ajaran kang ora bener, nerak paugeran
agama Islam kang disebarake para Walisanga.
Tokoh mistik kejawen Ki Ageng Soerjamentaraman kalebu paraga mistik
kejawen kang prasaja. Pengalaman uripe kebak mistik. Uripe kang prasaja
sejatine uga perangane mistik. Kekaremane ngumbara, nyepi lan nekani
papan-papan kang wingit uga mujudake laku mistik kang asipat
implementatif.
Ki Ageng Soerjamentaraman asale saka njeron beteng (wewengkon Karaton),
yaiku putrane Sri Sultan Hamengkubuwono VII lan BRA Retnomandojo.
Pengalaman mistike kabelu ngedab-edabi. Uripe kebak laku lan prihatin.
Karana iku ing sawijining wektu dheweke mbatin,”Seprana-seprene aku kok
durung tau kepethuk wong”.
Dene tokoh mistik Syeh Amongraga kang ora liya putra muride Sunan Giri,
ing uripe akeh nyinau agama Islam kang kebak tasawuf. Amongraga sinau
agama Islam ing pesantren Karang Banten, gurune Syeh Ibrahim bin Abu
Bakar. Kridhane ngudi ngelmu tasawuf iku kang ndadekake dheweke antuk
ngelmu kejawen, yaiku campuran antarane Islam lan Jawa, kondhang sinebut
ngelmu tuwa.
Saka Walisanga, Sunan Kalijaga mujudake wali kang dadi pepunden ing
bebrayan Jawa. Nalika nglakoni kuwajibane minangka wali, Sunan Kalijaga
bisa migunakake cakrik dakwah cara estetik-sufistik. Sunan Kalijaga
kasil ngemonah mistik kejawen saengga katon alus.
Ing babagan ngibadah, Sunan Kalijaga ngripta jeneng panakawan ing wayang
kulit purwa. Semar saka tembung Arab simaar utawa ismarun, tegese paku
kang ngadhut filosofi piranti kanggo nancepake barang supaya kuwat, ora
mingkuh lan kenceng. Nala Gareng saka tembung Arab nala (nampa) kang ing
Basa Jawa ateges ati lan khairan (tumindak kang apik).
Petruk saka tembung Arab fatruk (tinggalna), yaiku tinggalna samubarang
kang ala utawa nahi munkar. Lan Bagong saka tembung Arab baghoo, tegese
nimbang antarane rasa lan pikir, antarane sing ala lan sing apik,
antarane sing bener lan sing kleru.
Saliyane ngandharake para paraga mistik kejawen kang menjila kayadene
Syeh Siti Jenar, Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan
Kalijaga, panganggit uga njlentrehake maneka laku lan tata cara ing
jagad mistik kejawen.
Semedi mujudake rodhane mistik. Ing semedi iki nglibetake rasa kang
sejati. Ngelmu rasa sejati iki bisa kagayuh kanti eneng, ening, enung
lan nir ing budi utawa suwung. Laku iki kang sinebut semedi, yaiku
nyepi, mati raga, mesi raga saengga kuwawa nemokake Gusti Kang Maha
Kuawasa ing atine utawa rasa pangrasane.
Laku tapa mujudake mesin mistik. Tapa kang dikarepake yaiku tata cara
urip kang tansah diwernani laku-laku spiritual kayadene tapabrata,
tirakat, ngurang-ngurangi lan laku liyane. Laku tapa iki dilakoni kanthi
cara mutih, nglowong, ngepel, ngebleng lan sawenehing laku tapa liyane.
Tata cara ing mistik kejawen liyane yaiku ngraga sukma. Ngraga sukma ing
mistik kejawen mujudake laku kanggo nggayuh kasunyatan. Ngraga sukma
utawa mati sajroning ngaurip uga mujudake dalan lempeng tumuju Gusti
Kang Maha Kuwasa. Karana iku ngraga sukma kagolong pengalaman kang
asipat subyektif.
Wusanane, mistik kejawen diakoni apa ora pancen dadi perangan uripe
bebrayan Jawa. Laku mistik apadene kapercayan mistik tuwuh, ngrembaka
lan dileluri jumbuh kalawan uripe kabudayan ing bebrayan Jawa. Pradondi
kang tuwuh ora mahanani matine mistik kejawen.
Bab Kawruh
Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan
muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir
utawi mangertos sebab saking pangraos.
Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken undhuh-undhuhan saking
sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk ing
weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun tegesi nanggapi dhateng ebahing
indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika. Nampi ebahing
indriya saged kanthi nginjen, mrisani, mireng, ngambet, ngraosaken, lan
nggrayangi.
Amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan
guneman kanthi patitis [njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun
sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun kaliyan piwulang
nyumerabi kawontenanipun [pangrembuging] barang-barang, basa monceripun
mungel Zaakonderwijs verbonden met spreek en verstands oefeningen.
Pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening raos hambetahaken saha
niyatipun kepingin mangertos punika ingkang dados dhasaring kaweruh.
Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken
pangertosan.
Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung saking ngapalaken utawi
nirokaken isining buku utawi saking maos reriptan ing Pawartos Jawi
upaminipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni
lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang.
Ilmu iku kalakone kanthi laku, sadaya piwulang punika sagedipun tumanja
kedah kanthi tumandang utawi nglampahi piyambak, boten cekap namung
taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah purun
nyobi madosi piyambak jawaban saking pitakenanipun kalawau.
Pancen pikiran punika ingkang saged nuntun kitanyinau kaweruh. Awit
saking punika kaweruh lelandhesan barang mesthi, tegesipun wonten bukti
mawujud nyata wontenipun lan saged dipun buktekaken kanthi limrah,
pinanggih ing nalar saha encering pikir.
Ing kaweruh boten wonten bab ingkang winadi, sadaya kedah dipun
dhasaraken barang ingkang mesthi. Pitados dhateng dhiri pribadi saha
pikajengan ingkang sentosa, punika ingkang dipun betahaken kangge nyinau
kaweruh, saking tataran ngira weruh, ngaku weruh, ngantos dumugi nyata
weruh utawi temen weruh [badhe kapisah kababar ing wingking]. Sapunika
badhe kula lajengaken malih anggen kula gendhu-gendhu rasa bab kaweruh,
mliginipun kaweruh bab nalar.
Kaweruh bab nalar punika kaweruh ingkang madosi dhateng hukum-hukumipun
pikir. Nalar gadhah kewajiban madosi dhateng cara utawi teknikipun
mikir. Ing sabrang Kilenan kaweruh bab nalar punika dipun wastani
logika, saking tembung logos ingkang ngemu teges piwulang kangge cara
mikir ingkang mlesed, saha nyukani pitedhah supados boten mlesed.
Pramila logika ugi dipun wastani piwulang bab rasio utawi perbandingan,
amargi logika saweg tumindak makarya manawi wonten tiyang mastani *anu*
dipun gandheng kaliyan *anu* sanesipun, ngantos nuwuhaken pamanggih.
Supados pikir wau ketingal, pikir wau dipun wujudaken mawi
tembung/ukara/basa. Logika lajeng ngonceki pamanggih wau lan ngudi
dhateng ceplesipun pamanggih wau, tegesipun madosi zhang-zhanganipun,
inggih punika gandhengipun si *anu* kaliyan pun *anu* sanesipun wau,
cocog miturut nalar punapa boten.
Sanadyan zhang-zhanganipun utawi gandhengipun wau sampun miturut
paramasastra, nanging isinipun ukara sok saged cocog lan sok ugi saged
mlesed kaliyan kanyatanipun. Ingkang dipun wastani cocog manawi boten
mlesed. Pamanggih ingkang mlesed punika kosokwangsul kaliyan pangertosan
[upaminipun: pasagi-bunder], utawi boten laras malah congkrah kaliyan
pengalaman sanyatanipun [upaminipun: geni-adhem].
Logika boten madosi kasunyatan awit punika sanes wajibipun. Madosi leres
utawi ngudi dhateng sejatining bener punika dados tanggel-jawabipun
Filsafat, sanes urusanipun Logika [ingkang mligi namung madosi bener
tumrap bageyanipun], dados benten kaliyan Filsafat ingkang madosi bener
tanpa wates, umum, mutlak.
Logika namung dados prabot kangge nitipriksa lampahing pikir ingkang
leres. Tiyang saweg saged madosi kasunyatan utawi sejatining bener
manawi anggenipun ngedalaken pamanggih wau boten nalisir saking nalar,
inggih makaten punika ingkang dipun wastani lampahing pikir ingkang
leres. Ngantos dumugi pundi pentog wohipun pikir, punika boten dados
obyek wawasanipun logika.
Kados ingkang sampun kula serat lan kapacak ingPawartos Jawi mriki
riptan asesirah Lung Tinampen, satunggaling pamanggih punika saged dipun
wujudaken sarana ngaku utawi selak, ngantebaken/positif utawi
ngorakaken/negatif, dados saged ya utawi ora, inggih punapa boten
[manawi ngedalaken pamanggih mbokya aja karo ngeden].
Pamanggih punika rak namung keyakinan, ingkang tiyang sanes boten kedah
sarujuk, “Lho, punika rak pamanggih panjenengan, manawi miturut kula
boten makaten …”, sanadyan ta anggenipun ngedalaken pamanggihipun wau
kanthi lelandhesan bukti-bukti ingkang kiyat.
Dados pamanggih punika namung mahyakaken *mbokmanawi*, sanes barang
ingkang sampun tamtu kasunyatanipun [they express probabilities rather
than certainties] lan taksih ngemu suraos *kinten-kinten* [they are
subject to doubt].
Saben tiyang tamtu anggadhahi pengalaman ingkang dipun alami piyambak.
Manawi tiyang kathah ugi nggadhahi pengalaman ingkang sami lan hasilipun
inggih sami, lajeng pengalaman wau dipun wastani pengalaman obyektif,
awit wonten cundhukipun antawisipun pengalaman subyektif lan obyektif
ngantos tiyang saged ngertos-ingertosan, lajeng saged linton-lintonan
pamanggih mawi dhasar nalar.
Nalar wau lajeng saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang
mlesed. Wonten ing babagan kasusilan, tiyang saged mbedakaken pundi
ingkang leres lan pundi ingkang klentu sarana nalar. Wonten ing pikir,
tiyang saged mbedakaken nyata lan ora nyata, cocog lan mlesed. Kangge
ngedalaken pamanggih, tiyang saged mastani manawi positif
[ya/ngaku/ngantebaken]: godhonge ijo. Utawi manawi
negatif/ora/selak/ngorakaken: godhonge ora ijo.
Wujudipun ingkang sanyatanipun [gagasanipun nyata utawi nyatanipun]
pancen kados ingkang dipun tingali tiyang wau sanadyan cara nerangaken
benten. Bentenipun manawi nerangaken sarana positif, punika genah
nyata/konkrit, upaminipun: ijo. Cetha warnanipun setunggal inggih punika
ijo, nanging saged ugi dipun terangaken manawi *ora ijo* punika saged
nggadhahi teges warni-warni, waton boten ijem.
Manawi tiyang ngedalaken pamanggih, punika tamtu mawi dhasar keyakinan
ingkang leres sampun kados makaten punika wontenipun, tegesipun tiyang
wau nggadhahi kemanteban tumrap bab ingkang dipun pikir, dene pamanggih
wau saged nggambaraken keyakinanipun.
Keyakinan wau saged ngengingi punapa satunggaling bab punika *saged
kelampahan*, *boten saged kelampahan babarpisan*, *kedah kelampahan*,
utawi *saged kelampahan dados saestu*.
Bab ingkang *kedah kalampahan*, punika tamtu ugi *saged kelampahan*,
dados boten dipun endani lan *kedah kalampahan*, wonten ing salebetipun
kawontenan ingkang kados punapa kemawon.
Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan dados saestu*, punika
ugi tansah kadosa pundi kemawon punika *kedah kelampahan*, jalaran
manawi boten, tamtunipun bab wau boten badhe kelampahan.
Bab ingkang *boten saged kelampahan babarpisan*, punika boten saged
kelampahan kanthi kados punapa kemawon. Kosokwangsulipun, bab ingkang
*saged kelampahan*, punika wonten warni-warni caranipun *kinten-kinten*
saged kelampahan. Watesipun *kinten-kinten* wau celak kaliyan *kedah
kelampahan*, nanging tamtunipun boten saged sami kaliyan *kedah
kelampahan* wau.
Ingkang boten saged dipun kinten-kinten punika tansah *saged
kelampahan*, nanging punika watesipun celak kaliyan *boten saged
kelampahan babarpisan*, nanging ugi boten saged sami kaliyan *boten
saged kelampahan babarpisan*. Manawi ingkang *saged kelampahan* punika
*saged kelampahan dados saestu*, inggih lajeng dados *nyata*.
Punapa ingkang sampun nyata saestu, punika tansah kadosa pundi kemawon
sampun kedah makaten. Manawi punika boten saged dipun tampi, sadaya
ingkang nyata badhe ical sesambetanipun kaliyan ingkang rasional. Dados
ingkang *kedah kelampahan* punika ugi nyata badhe dados nyata lan punika
*kedah kalampahan*, wonten ing kawontenan ingkang kados punapa kemawon.
Kosokwangsulipun, ingkang sampun dados nyata, punika inggih *kedah
kalampahan*, sanadyan gandhenganipun boten saged dipun tedhahaken [dipun
ketingalaken]. Tiyang ngedalaken pamanggih ingkang limrah dipun
dhasaraken mawi punapa ingkang ketingal ing mripat, upaminipun: godhonge
ijo. Pamanggih wau mawi dipun yakini saestu kanthi tamtu. Tanpa
keyakinan ingkang sentosa/pasti wau, tiyang boten saged mikir miturut
nalar/logika.
Saged ugi pamanggih wau lajeng kasusul boten leres jalaran mripatipun
goroh, nanging pamanggih wau lajeng saged dipun leresaken, dipun ewahi
dados cocog. Nanging *caranipun* ngedalaken pamanggih boten lepat, awit
sanadyan pancadriyanipun boten saged dipun pitados satus persen, nanging
pamanggih ewa semanten tetep pitados dhateng keyakinanipun.
Punika amargi nalika ngedalaken pamanggih taksih pe-dhe bilih kawontenan
wau inggih kados nalika dipun sumerebi/tingali, punika dados dhasaripun
sedaya cara mikir [ingkang cundhuk kaliyan nalar]. Mawi dhasar punika
satunggaling pamanggih saged ngengingi bab ingkang boten kedadosan utawi
bab ingkang dereng kedadosan. Pamanggih kados makaten wau taksih
nggadhahi teges *kinten-kinten*. Tumrap ingkang sampun *tamtu* punika
ugi nggadhahi undha-usuk. Wonten *tamtu ingkang mesthi*, lan wonten
*tamtu ingkang mesthi boten*. Upaminipun: *tamtu ingkang mesthi* bilih
sebageyan punika langkung alit tinimbang kaliyan wetah [the whole should
always be greater than any of its parts], punika minangka tuladha tamtu
ingkang boten saged dienyang malih, liripun jawabanipun sampun
gumathok. Punika saged damel conto manawi badhe ngrembag bentenipun
punapa ingkang namung *pamanggih* lan punapa ingkang saged kawastanan
*kaweruh *.
Dipunwastani kaweruh manawi barang ingkang saweg dipun pikir punika
njalari kita mikir kanthi cara tartamtu, ingkang sampun boten saged
dienyang malih. Anggen kita mikir madosi jawabanipun arahipun tumuju
dhateng jawaban ingkang sami, boten wonten pilihan sanesipun malih. Mila
jawabanipun boten saged dipun lebetaken dhateng ewoning pamanggih
pribadi malih, amargi saben tiyang waras mesthi sarujuk utawi sami
pamanggihipun bilih saperangan punika mesthi langkung alit tinimbang
kaliyan ingkang taksih wetah.
Kosokwangsulipun, manawi kita taksih rumaos bebas anggen kita mikir
madosi jawabanipun, punika taksih winates arupi pamanggih, dede kaweruh.
Minangka tuladha: “Punapa tiyang Jawi remen dhahar gudheg?” *Temtu
ingkang mesthi boten* bilih loro ping loro kuwi padha karo lima.
Tamtu-tamtu kados nginggil wau ngengingi babagan ingkang abstrak lan
tumrap barang-barang ingkang wujudipun sarana dipun sukani
pangertosan/definisi, mila abstrak/boten nyata.
Benten kaliyan babagan ingkang konkrit/nyata. Wonten ingriku, sanadyan
tamtu, nanging taksih wonten mlesedipun. Manawi wonten mendhung
lelimengan, kula sanjang “Wah udan”, sanadyan kula saged lepat, nanging
sekedhik sanget amargi limrahipun inggih jawah saestu, mesthi udane.
Nanging sanadyan namung sakedhik, kula ugi saged mlesed, sareng wonten
angin ageng, mendhungipun ical, boten saestu jawah … weee ngapusi
mendhunge!
Nanging ugi wonten kawontenan ingkang tamtu kenging dipun temtokaken
nyata saestu, upaminipun: sepur Taksaka mangkat saking Yogya tujuwanipun
dhateng Jakarta, punika tamtu ingkang kenging dipuntemtokaken nyata
saestu badhe dumugi Jakarta, awit umumipun badhe dumugi Jakarta.
Nanging ugi wonten malih kawontenan bilih katemtuan wau gumantung saking
ingkang ngendika piyambak. Upaminipun kados conto kula ing ngajeng:
“Wah hawane kok adhem biyanget”, kamangka ingkang dipun ajak wicantenan
saweg kringeten gobyos.
Dados saged dipun tetepaken bilih wonten ing babagan konkrit/nyata, bab
tamtu punika taksih saged dienyang, nanging wonten ing babagan ingkang
abstrak/boten nyata, bab tamtu punika sampun boten saged dipun awis
malih, fixed price, tamtu nggih tamtu, nanging, sepisan malih nanging …
manawi sampun sami cocogipun ing bab definisinipun. Tegesipun, manawi
pangertosanipun boten saged sami, wonten ing babagan abstrak wau ugi
boten wonten tamtu ingkang satus persen tamtu.
Para sutresna Pawartos Jawi ingkang saweg rumagang ing damel, ingkang
saweg suka parisuka sasampunipun pikantuk suka bebungah saking akathah,
ingkang gesangipun nyawo glethak namung dalederan tansah dhahar tuwin
nendra kewala, punapa dene ingkang namung lelambaran sumendhe dhateng
kodrat, wewengan, wewarah, sasmita, lumantar acara-acara ritual, lan
sapanunggalanipun.
Sampun njih, sapunika keparenga kula minca-mincu umik-umik ngungelaken aji-aji tan ana ajine:
Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing
tawang-towang, kalilanana ingriki Mastoni njegur mak byurrr, tumut
ceciblon penak seger munyer-munyer mak serrrr, sinambi tetembangan
hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, sanadyan namung badhe
sinurak hambata rubuh kabalang tetembungan nonjok wadhuk nyogrok tenggak
dening para *sutresna* budaya ingkang anggung memardi mardawaning
budaya luhur, nanging pangandikanipun sarwa-sarwi jeleh-jeleh anjelalak
sajak ngemu groyok boten wewah menthes lan maedahi punapa dene salaras
kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman gagrag enggal, puput pepet
pepunthoning nggalih lajeng boten ajrih ing tumindak worsuh ngidak-idak
asmanipun asanes ing sangajengipun akathah, nama tiyang pancen sampun
remuk rempu rasa retu panggraitanipun, bangsat keparat!
Murih boten sangsaya kapanjangan panglantur kula, prayoginipun kula lajengaken malih nyobi ngonceki bab Meruhi Kaweruh punika.
Nyata Weruh, Ngakoni Weruh, lan Ngira Weruh
Tataran Nyata Weruh
Wanci sonten kula saweg mlampah-mlampah. Sareng dumugi margi prapatan
ingkang rame, kula sumerab wonten becak kaserempet truk gandheng, becak
jempalik, penumpange wutah, tangise mutri Cina, sambate wedhus Jawa,
gelasaran melas asih. Kaweruh kula ing inggil wau nama tuwuh saking
temen weruh utawi saking nyata weruh, sarana manoni piyambak prastawa
utawi kedadosanipun, dede saking tembung jare.
Kaweruhipun tiyang ingkang saking nyata weruh utawi temen weruh, punika
kaweruh ingkang tuwuh saking panyrawungipun pancadriya kita dhateng
jagad gumelar. Kaweruh ingkang asalipun kados mekaten punika, tiyang
sinten kemawon manawi dipuntakeni jawabanipun mesthi sami, sauger tiyang
wau taksih waras utawi boten gothang salah satunggaling
pancadriyanipun, upaminipun: es punika asrep, sarem punika asin [yen
duwe karep mbok aja isin-isin].
Tataran Ngaku Weruh
Tiyang jaman samangke sampun sami ngakeni bilih bumi punika bunder radi
lonjong sakedhik. Kajawi punika, bumi punika ebah mubeng ngubengi
porosipun, sarana makaten lajeng lumampah ngubengi surya. Dene pun
sasangka lampahipun ngubengi bumi.
Kaweruh kados conto ing inggil punika nama kaweruh nyata, ingkang tuwuh
saking ngaku weruh utawi ngakoni weruh awit kaweruh wau tuwuh saking
muluring pamikir, tuwuh saking kamajenganing pamikiranipun manungsa.
Manawi pamikir kita boten mulur, inggih boten saged katuwuhan kaweruh
makaten wau. Punika jalaran manawi kita namung lugu migunakaken
pancadriya lan raos pangraos, cobi bumi punika manawi dipun sawang
ngangge paningal, mrika-mrika rak ketingalipun radin kemawon, namung
kados klasa memet dipun gelar, boten awangun bunder. Saya kok dipun
cariyosaken bumi punika ngubengi surya, sangsaya boten mathuk awit
ingkang genah miturut pangraosing manah kita surya ingkang ngubengi
bumi.
Makaten manawi tiyang namung ngangge pirantos pancadriya lan raos
pangraos. Nanging sareng tiyang pikiranipun saya majeng, dangu-dangu
kraos, ngertos manawi bumi punika bunder, antawisipun dipun buktekaken
kaliyan sinten niku sarana nitih baita ing seganten, angkatipun mangilen
terus, jebul njedhulipun lha kok saking wetan. Ingriku tiyang tansaya
kenceng anetepaken bilih bumi punika bunder.
Tuladha malih bab muluring pikir: Kita sadaya ngakeni manawi ing tembe
kita mesthi pejah. Raos ngakeni makaten punika sayektosipun inggih tuwuh
saking muluring pamikir, jalaran kita tansah manoni bilih sadaya
ingkang asipat gesang punika ing tembe mesthi sami nemahi pejah. Wekasan
saking muluring pamikir kita, kita lajeng wani netepaken bilih kita
sadaya punika ugi badhe nemahi pejah sanadyan dereng sumerab benjang
punapa.
Tataran Ngira Weruh
*Kaweruh* ingkang tuwuh saking ngira weruh makaten nyatanipun pancen ora
weruh, dados sanes kaweruh [kangge nggampilaken anggen kita
mbandhingaken lajeng kula dadosaken setunggal ingriki]. Nanging sanadyan
nyatanipun ora weruh, sampun dados wataking manungsa, manawi dipun
peksa-peksa purih weruh inggih saged, hla lajeng ngira-ngira.
Upami wonten pitakenan, “Bab lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah
punika kados pundi?” Punika pamanggihipun tiyang satus trekadhang inggih
warni satus. Lah sayektosipun dipun punapak-punapakna tiyang boten
sumerab. Mila manawi wonten ingkang kenceng netepaken pamanggihipun,
saupami dipun suwun kapurih mbuktekaken saknyatanipun inggih glagapen.
Dados agami punika sanes kaweruh, nanging punika pangandel/iman/faith,
tiyang kantun ngandel kaliyan boten.
Tiyang badhe ngandel dhateng rembaging sanes punika ugi wonten
saratipun: tiyang ingkang cariyos wau mitadosi, lan salajengipun angsal
paseksen tiyang tiga sekawan gangsal cariyosipun sami, cocog kaliyan
rembagipun tiyang sanes ingkang mitadosi wau.
Upami wonten tiyang cariyos bilih ing New York punika saben taun dhawah
salju. Lha ingkang cariyos makaten boten tiyang setunggal kalih,
prasasat kathah sanget, cariyosipun nggih sami, cocog boten beda-beda.
Lah punika ugi kenging dipun pitados sanadyan punika taksih tembung
jare. Saupami ing tembe saged tindhak dhateng Noo Yawk piyambak ing
wanci musim asrep, kaweruhipun tiyang wau saged dados kasunyatan. Ing
ngriki kaweruh wau lajeng ngancik saking tataran ngira weruh tumuju
dhateng tataran nyata weruh. Sing maune mung jare, sapunika sampun saged
mbuktekaken piyambak manawi ing Noo Yawk dhawah salju ing wanci musim
asrep.
Makaten ugi kaweruh saking agami [saking ngira weruh], punika taksih
gondar-gandir. Nanging saged ugi ngancik dhateng tataran ngaku weruh
sarana muluring pamikir, lan saged ugi ngancik dhateng tataran nyata
weruh. Ning inggih saged mbleduk tanpa kukuban. Upami wonten pitakenan
kados ing ngajeng, “Swarga lan neraka punika punapa pancen wonten lan
kados pundi?”
Pitakenan punika manawi badhe dipun jawab mawi wewaton tataran nyata
weruh genah boten saged, jalaran tiyang ingkang badhe jawab wau tiyang
gesang ingkang dereng nate pejah lan dereng nate ngalami utawi
ngraosaken piyambak kados pundi swarga neraka punika..Yen wantun cariyos
kados pundi lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah lajeng manggen ing
swarga utawi neraka, punika mesthi ngapusi, goroh.
Saged ugi dipun *buktekaken*, nanging kedah mangkat saking wewaton
tataran ngakoni weruh utawi saking muluring pamikir, awit muluring
pamikir punika ugi wonten ingkang dumugi kasunyatan. Nanging kedah
prayitna paseksenipun, manawi sepen ing tandha saksi namanipun taksih
wonten in tataran ngira weruh, dados namung kapitadosan.
Tuladha malih: Sukarjo ngakeni bapakipun punika pun Wakidjo.
Pangakenipun Sukarjo punika sayektosipun sakawit mesthi namung ngira
weruh, namung saking kapitadosan, awit dipun punapak-punapakna pun Surya
mesthi boten utawi dereng sumerab bapakipun punika sinten, wong wiwit
dereng mbrojol sampun dipun *bucal*. Sumerabipun Sukarjo punika saking
ibunipun [utawi tiyang sanes] ingkang nyariyosaken bilih Wakidjo punika
bapakipun, sarta saksinipun kuwawi, inggih punika tiyang-tiyang ingkang
katranganipun sami, cocog. Sareng sasampunipun dipun padosi lan saged
kepanggih, nyata leres bilih pun Wakidjo punika bapakipun. Lha ingriki
kaweruhipun Sukarjo ingkang sewaunipun mangkat saking tataran ngira
weruh, sapunika sampun saged ngancik dhateng tataran nyata weruh.
Dados *kaweruh* agami punika prayoginipun kita tampeni kanthi muluring
pamikir rumiyin, salajengipun kita kedah nyinau gladhen piyambak,
ngantos saged ngancik tataran nyata weruh. Kados pundi? nyuwun
pangapunten awit kula piyambak dereng dumugi ingriku.
You know, legalism has never been my strong suit. I simply don’t see the
difference in the goals of the various paths. Belief can bring comfort,
that’s very true, at least comforting thoughts, although it can also
bring other things.
Ing wasana, mugi lumintuning pudyastawa saking Gusti hambabar daya pangaribawa ingkang tumandhuk dhumateng kawula dasih.