1. LELAMPAHAN PANGERAN BUMIDIRJA.
Purwakaning cariyos sasurudipun Kangjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ing
Mataram, putra Pangeran Adipati Anom sumilih jumeneng nata jujuluk
Sinuhun Mangkurat.
Kacariyos pangastaning paprentahan (praja) kirang jejeg, dhawahing
ukuman kirang adil. Kathah kemawon para kawula tampi pidana ingkang
boten timbang kaliyan dosanipun.
Ingkang paman Pangeran Bumidirja kerep atur pepenget dhumateng ingkang
Sinuhun, nanging boten kagalih babar pisan, malah nuwuhaken duduka. Ing
sarehning Pangeran Bumidirja punika : sapisan ngeman sudaning kaluhuran
dalem nata, kaping kalih welas dhateng para kawula alit mila
kekencenganing penggalih ingkang sae linggar saking praja ing pangangkah
sampun ngantos ngawuningani lelampahan ingkang boten cocog kaliyan
panggalihipun. Panguneg-uneging panggalih ingkang makaten wau lajeng
kawiyos dumateng ingkang garwa.
Sarehning kresanipun Kangjeng Pangeran wau menggah tosan sampun boten
kenging dipunluk, pramila ingang garwa wontenipun namung ndherek punapa
ingkang dados kresanipun Kangjeng Pangeran. Ing satunggaling dalu
Kangjeng Pangeran estu lolos saking praja nilar kaluhuran tuwin
kawibawan, anamur kawula hamung kadherekaken ingkang garwa. Tindakipun
saking kraton Mataram mangilen terus, boten ngetang bebayaning margi.
Enggaling cariyos tindakipun priyagung wau sampun dumugi ing tlatahipun
tanah Bagelen. Ing ngriku kapethuk tiyang awon nama Jasamudra lan
Trunasamudra, sedyanipun badhe begal. Sarehning penggalipun kangjeng
Pangeran punika ber, pramila begal pinaringan arta kathahipun kalih
semat (ringgit). Nanging pun begal boten narimah nedya nuwun sadaya
ingkang kaasta ing kangjeng Pangeran engga rame sanget. Wusananipun
begal kalih sami kasoran ngantos nyuwun pangaksama lan prasetya boten
badhe begal malih-malih.
Sareng sampun aso sawatawis Pangeran lan garwa nerusaken tindakipun
dumugi ing dhusun Panjer. Pasiten ing sakiwa tengenipun ngriku punika
sae toyanipun tumumpang. Karsanipun sagn Pangeran nedya tutruka ing
ngriku. Saking sakedhik tinlatosan, wana grumbulan bikukak kacithak
kadadosaken tegil lan pasabinan. Kathah tiyang-tiyang secelakipun ngriku
sami dherek babad mila boten ngantos tataunan papan ngriku sampun dados
reja.
Karsanipun sang pangeran, nedya ngicalaken sesebutan tuwin asmanipun,
supados sampun ngantos pakewed sasrawunganipun kaliyan kanca alit.
Kaleksanan lajeng ngagem asma kiyai Bumi. Ewasemanten tiyang-tiyang alit
meksa taksih nggadhahi ajrih saha rikuh, boten purun linggih celakan,
wiraosipun sami ajrih. Sarehne kyai Bumi kuwatos kawiyak wawadosanipun,
mila ing satungging dalu lolos malih sakaliyan nyai Bumi boten wonten
ingkang dipunjujug. Sareng dumugi ing dhusun Lerep kyai Bumi sumerep
tanah ing ngriku punika sae, imbang-imbangan kemawon kaliyan Panjer.
Sakala kagungan karsa dudunung ing papan ngriku. Sakedhap kemawon dados
reja, tiyang saking padhusunan ingkang tebih-tebih sami mrelokaken
boyong mriku, awit kapiluyu ing wartos yen ing Lerep wonten tiyang
neneka sugih kasagedan. Ingkang makaten punika malah boten dados
cocoging penggalihipun kyai Bumi jalaran kuwatos kawentar dumugi ing
praja Mataram boten sande amumurung lampah.
Pramila ing satunggaling dalu lajeng oncat saking ngriku, karsaning
panggalih badhe pados papan ingkang tiyang-tiyangipun sami kirang
menggahing tatakrama, kadukwani, remen sesembranan. Prelunipun supados
kyai Bumi terntram panggalihipun. Awit panggalihipun kyai Bumi,
tiyang-tiyang ingkang watak gadhah makaten punika boten badhe madruli
tuwin maelu dhateng piyambakipun jalaran katungkul nuruti ingkang kados
wawatakipun.
Danguning dangu saged manggih padununganipun titiyang ingkang makaten
wawatakipun. Dene dhusun wau namanipun Karang. Kyai Bumi terus manggen
ing griku Yektos titiyang ing Karang boten gadhah ajrih tuwin ering
dhateng Kyai Bumi, katandha saking sesebutan dhi, kang, lan
sapiturutipun. Ing ngriku pangalihipun Kyai Bumi saweg saged tentrem.
Sapunika lajeg gesang sacara tiyang tani, ing wanci siang nyambut damel
ing tegil tuwin sabin, ing wanci dalu nungkul ing ngasepi nenuwun
dhateng ingkang murbeng gesang supados pinaringana wewengan ingkang
dados lalampahipun.
II. KYAI BUMI DHEDHEKAN ING KARANGKEBUMEN NGANTOS APUTRA WAYAH.
Gentos kacariyos ing praja Mataram sajengkaripun Pangeran Bumidirja,
katingalan surem. Para kawula geng alit sami bingung, yen ta menggaha
baita kecalan jurumudi. Ingkang makaten punika lajeng kauningan ing sang
Prabu, sakala punika karsa dalem lajeng utusan gandhek nama : Wirasari
lan Wirayuda kadhawuhan nglarah tindakipun ingkang paman. Samangsa
sampun kapanggih tumunten kaaturana kondur. Dhawuh timbalan dalem
gandhek boten kapareng wangsul dhateng praja yen boten sareng-sareng
kaliyan ingkang paman.
Lampahing gandhek kalunta-lunta babasan anjajah desa milang kori. Pundi
kapireng wonten nujum dipunsuwuni priksa, ananging meksa boten wonten
ingkang saged nglegakaken manahipun.
Danguning dangu lampahipun dumugi ing tanah Bagelen. Sarehne sampun
wuwulanan madosi, kang mangka dereng kapanggih, sedyanipun badeh lerem
sakedhap kangge ngasokaken badan tuwin pikiran. Ing ngriku sumerep
tiyang saweg sami linggih udud-ududan, mentas dhangir pakebonanipun.
Gandhek kakalih lajeg nyelaki, sangadi nedha latu. Sadanguning
lilinggihan sami gineman, wicantenipun gandhek : “Dhi, ngriki niki
namine dhusun pundi?”
Wangsulanipun tiyang dhusun : “O, nek sampeyan dereng sumerep, nggih ngriki sing namine Karang Kebumen”.
Gandhek saya neseg : “La sing truka sinten?”
“Sing truka tiyang saking tebihan, jaler setrine omongane bandhek, kira kula bangsa wong Mentaram’.
Gandhek saya ngangseg pitakenanipun : “Napa si adhi empun wawuh kalih tiyang sing mang critakaken niku?”.
“Wawuh mawon. Tiyang-tiyangane jaler setrine sami sae-sae. Umur-umurane wayah gumapa”.
Plong, manahipun gandhek kakalih wau, awit ing batos inggih punika
ingkang dipun padosi. Tumunten nedha tulung dhateng tiyang wau puruna
ndugekaken dhateng griyanipun. Tiyang dhangir inggih nglegani. Sareng
dumugi ing latar gandhek maspadosaken, mila inggih yektos yen punika
gustipun. Kala samanten Kyai Bumi saweg rinubung ing tangga tepalihipun.
Saking boten srantosipun, gandhek miyak tiyang ingkang saweg sami
rubungan wau, boten manah punapa-punapa ing sampeyaning gustinipun
kaliyan tawan-tawan tangis.
Tiyang ingkang sami rubungan sami pating plongo asemu ajrih, temahan
sami kesah saking satunggal boten mawi pamit. Sareng sampun sawatawis
aso, gandhek kakalih kadhawuhan linggih. Ing ngriku lajeng munjuk
sarehning dinuta miwiti ngantos mekasi. Pangeran Bumidirja (kyai Bumi)
meksa boten karsa kondur, awadipun sampun kraos dadalem ing dhusun.
Rehne lampahipun gandhek boten angsal damel, upami wangsul dhateng praja
sande dipun pidana, mila narimah sabaya pejah dherek tutruka wonten ing
ngriku. Wiwit saderengipun gandhek, titiyang ing Karang Kebumen tuwin
sakiwa tengenipun ngajeni dhateng kyai Bumi, malah dipun yasakaken dalem
ageng. Kathah ingkang sami nyaosi wuluwedaling padhusunan, nanging Kyai
Bumi boten karsa nampi, terus anggenipun rialat.
Malah dhawuh ing tembe menawi seda mundhut kasarekaken wonten ing dhusun
Lundhong, semanten ugi gandhek kalih inggih nyuwun kempal wonten ing
ngriku Kala samanten Kyai Bumi sampun apuputra sakawan inggih punika
Kyai Gusti, Kyai Bagus, Nyai Ageng saha Kyai Bekel. Nanging sadaya
sampun nilar kawibawan gesang sacaraning tiyang dhusun. Dhawuhipun kyai
Bumi putra-putra wau boten kapareng kasebut asma ing sajatosipun : Raden
Mas utawi Raden. Prayogi kasebut kyai kemawon, prelunipun boten
ngeget-egeti.
Kacariyos ingkang Sinuhun ing Mataram sampun midhanget wartos bilih
ingkang paman saha gandhek ingkang kautus sami dudunung dhusun Karang
Kebumen, nglugas raga among tani. Nunten utusan abdi sinelir nama
Udakara lan Surakarti ngaturaken pethukan dipangga asrati nem. Nanging
Pangeran Bumidirja meksa boten karsa. Udakara tuwin Surakarti boten sami
purun wangsul dhateng Mataram malih, namung liman sasratinipun ingkang
wangsul.
Kyai Bumi lestantun dedalem ing dhusun Kebumen ngantos dumugi ing seda,
kasarekaken ing dhusun Lundhong. Sasedanipun Kyai Bumi ingkang gumantos
dados sesepuh ing dhusun ngriki putra ingkang asma Kyai Bekel.
Panggenanipun tiyang ngriku boten ewah kados kala sugengipun Kyai Bumi.
Sasedanipun Kyai Bekel ingkang asma Kyai Ragil gumantos ingkang rama.
Inggih Kyai Ragil punika ingkang mungkasi sesepuh ing Karang Kebumen.
Jalaran putranipun ing Kuthawinangun ngasta demang.
III. LELAMPAHANIPUN JAKA SANGKRIB.
Ing nginggil sampun kacariyosaken bilih kyai Hanggayuda ngasta demang
ing Kuthawinangun. Sepuhipun kagungan putra 7 patutan saking garwa asal
anakipun demang ing Wawar. Wonten putra satunggal anama jaka Sangkrib,
wancinipun jaka kumala-kala nandhang sakit katrapen, saengga wradin ing
badan sakojur, boten wonten tiyang ingkang sudi nyelak, kabekta saking
gandanipun. Sampun ingkang tiyang sanes, sadherek tuwin rama ibunipun
kemawon sampun boten karsa ngopeni. Patilemanipun ing ngandhap pisang,
tritisan, kandhang, manawi nedha wonten ing buritan, sanget sisahipun
sampun badanipun sakit, wewah-wewah manahipun inggih sakit, amargi
raosaning para sadherek tuwin tiyang sepuhipun sampun boten sotah
ningali, badhea kesaah utawi pejah sampun boten getun : “ilang-ilanga
endhok siji”.
Kala-kala Jaka Sangkrib medal gagasanipun ingkang awon, nedya nganyut
tuwuh, sanajan gesanga tiyang boten saged kawor sanak kadang, rak namung
mamajang wirang kemawon. Ubaling gagasan ingkang makaten wau saged
kaendhih dening weninging budi, nganyut tuwuh punika satunggaling lampah
ingakang nistha, mratandhani yen tiyaag cupet ing budi, awatak
angucira, pejahipun boten angsal margi padhang.
Sarehne boten saged nahan sakiting manah, piyambakipun lajeng kesah
saking panggenaning tiyang sepuhipun, mlebet ing wana nusup ing
gegrumbulan. Ing ngriku manggih beji ingkang toyanipun saklangkung
bening, papan sakiwa tengenipun sakeca, sedyanipun Jaka Sangkrib badhe
manggen ing ngriku. Yen dalu kungkum, siang kakaring, ingkang dados
tedhanipun namung wowohan tuwin ron-ronan ing wana ngriku.
Sareng sampun angsal 40 dalu, badanipun kraos enteng, boten wonten
raosing sakit sakedhik-sakedhika. Grayangipun alus, sakedhik kemawon
boten wonten belangipun. Jaka Sangkrib bingahipun boten kenging
winiraos. Upami sacelakipun ngriku wonten manungsa, temtu badhe
dipunluberi ing kabingahanipun. Sarehne boten wonten jalma manungsa
wekasanipun namung ngedalaken luh ingkang boten kenging binendung. Ing
batos suka sukur dhateng ingkang murbeng gesang dene sampun pinaring
luar saking cintraka, satemah saget kawor kaliyan sasaminipun manungsa.
“Mulih apa terus lunga”, makaten ing klebet batosipun Jaka Sangkrib.
Nanging sareng anggenipun nglimbang-nglimbang sampun dangu,
kekenthelaning manah badhe nerusaken anggenipun kesah. Sarenhe rumiyin
nalika wonten ing dhusunipun sampun nate mireng bilih ing dhusun Bojong
Sari wonten satunggaling kyai nama Ahmad Yusup kawentar sidik,
kakencenganipun manah badhe puruita. Murih boten kapireng dhateng tiyang
sepuh saha sadherekipun, damel nama sepuh Surawijaya.
Surawijaya lampahipun boten pados margi ingkang sakeca, malah minggah
redi tumurun jurang. Ing wanci bedhuk dumugi ing lepen Sruni, kendel
ngaso ngiras nggirahi panganggenipun ingkang nalika sadangunipun sakit
boten nate kagirah. Purihipun sanajan sampun gombal, sok uger resik,
dados samangsa kempal tiyang kathah boten ngganda awon. Sareng pangangge
sampun garing nunten kaangge malih, lajeng nerusaken lampahipun.
Dumugi ing griyanipun kyai guru, saweg dumugi ing latar sampun
mendhak-mendhak sarwi uluk salam. Sarehne kyai guru saweg kaleres
mulang, dipun acarani linggih rumiyin. Bakda mulang dipun takeni nami,
dhusun tuwin perlunipun. Wangsulanipun beres kemawon yen dhatengipun
mriku badhe puruita. Kyai guru mireng wangsulan saha panembung ingkang
jangkep tata kramanipun, tindak-tandukipun ngresepaken, kepranan ing
galih, pasuwitanipun dipun tampi, kanthi dipun papanaken miyambak.
Dangu-dangu kasok tresnanipun ngantos karengkuh kados dene putra. Sadaya
kasagedan kyai guru prasasat boten wanten ingkang mrojol. Sapunika
kajengipun kyai, Surawijaya kapurih mantuk dhateng Kuthowinangun sageda
suwita ing sang nata. Ing batos Surawijaya dereng kadugi yen suwita ing
nata mung sangu kasagedan samanten. Dhawuhing guru namung dipun ecani
kemawon. Surawijaya nunten pamitan dhateng gurunipun.
Sadumugining margi nyimpang boten datheng Kuthowinangun nanging dhateng
dhusun Selang badhe manggihi kyai Jahiman. Sadumuginipun ing ngriku
kaleres kyai saweg wonten kebon, piyambakipun tumunten nembung badhe
puruita ing ngriku, nanging katolak, jalaran katitik saking ing pasemon,
kedhep liring netra, ngatawisi yen piyambakipun tiyang sampun isi.
Surawijaya nerusaken lampahipun dumugi dhusun Prajuritan. Ing ngriku
piyambakipun sumerep wit bendha ageng miwah inggil, sangandhapipun
peteng tur singup. Nyut, manahipun kados dipun gigah, kados-kados wonten
ingkang aken supados piyambakipun ngluwat ing ngriku. Krenteging manah
wau dipun lampahi.
Nalagati inggih punika tiyang ingkang gadhah pakawisan ngriku, sabrayat
saweg sami nandhang sakit, siang dalu namung lumah-lumah ing amben,
lebet anggenipun sakit dangu dereng mantun. Saking sangeting prihatos,
yen dalu awis-awis tilem, nyunyuwun dhateng ingakang maha kuwasa sageda
mberat ingkang dados memalanipun. Nuju satunggaling dalu piyambakipun
layap-layap badhe tilem, wonten ngrikanipun kados-kadois dipun panggihi
satunggaling tiyang sepuh, suka sumerep, yen sakitipun sagedipun mantun
kedah kajampakaken dhateng tiyang ingkang saweg nguwat ing sangandhaping
bendha. Byar, piyambakipun saweg ngertos yen supena, sanget ing
ngungunipun. Piweling ingkang mentas kapireng dados taksih
gawang-gawang. Enjingipun boten saranta papan ingkang kaceta ing
pasupenan wau dipun jujug, yektos wonten tiyangipun saweg ngluwat,
nunten kengkenan tangga-tepalih dhudhuk.
Sadumugining nginggil ceta yen tiyang wau taksih gesang, lajeng
kaupakara engga saged gineman, kaetang dangunipun ngluwat wonten salapan
dinten. Sasampunipun Surawijaya katingal kiyat, Nalagati lajeng
malehaken ingkang dados pasupenanipun.
“Kula boten bisa napa-napa, namung Gusti Allah kang bakal marekaken teng sampeyan”.
“Enggih, sanajan kados pundi kula inggih mbudeni teng sampeyan”.
Sarehne dipun pepek-pepekaken, panedhanipun Nalagati kajeng dipun legani. Kaleksanan
sakitipun tiyang sagriya ngriku saged mantun. Saking sangeting
bingahipun, Surawijaya dipun endheg kapurih manggen ing ngriku badhe
dipun yasakaken griya nanging panedhanipun dipun tolak. Surawijaya
nunten pamit badhe nerusaken lampah. Pancenipun Surawijaya badhe dipun
sangoni ing sapantesipun,nanging inggih boten purun, namung nedha karag,
manis jangan lan kajeng legi.
Saking dhusun Prajuritan lumampah ngidul ngilen, namung ngenut dhawahing
suku. Dangu-dangu dumugi laladan Karangbolong, lajeng mlebet ing guwa
Menganti, nedya nenepi. Wonten ngriku katarimah semadinipun, kaparingan
wasiyat wujud cemethi. Samedalipun saking guwa lampahipun mangetan
dumugi ing wana Moros. Kacariyos wana wau saklangkung angker, janma mara
mati sato mara keplayu. Ewasemanten Surawijaya meksa lumebet. Ing
satengahing wana wonten papanipun ingkang sanget asrinipun, nanging
hawanipun beda kaliyan papan sanesipun. Gagasanipun Surawijaya : genah
yen ing papan ngriku dados kedhatoning dhadhemit. Rehne dumugi ing
ngriku sampun sonten ancasipun badhe sipeng kemawon ngiras ngasokaken
badan.
Sareng ing wanci dalu kathah ungel-ungelan tuwin rurupen ingkang adamel
girising manah. Bawanipun tiyang sampun sugih ngelmu, kasembuh santosa
ing budi, kawontenan ingkang makaten wau kaanggep dede barang-barang.
Pungkasanipun wonten swara geter, bumi kados ginejot, jleg arupi cemeng ,
untu pethak. Dedeg ageng inggil, dhapur ngajrihi dhateng ing ngriku.
Pitaken dhateng Surawijaya : punapa sedyanipun dene ngantos dipun
rencangi toh pejah. Surawijaya lajeng medharaken lelampahanipun miwiti
dumugi mekasi. Sang anjar katon waleh yen piyambakipun punika nujumipun
Kangjeng Ratu Kidul nama Kumbang Ali-Ali. Piyambakipun lajeng meca
dhateng Surawijaya yen ing tembe badhe dados prajurit linangkung kacelak
dhateng ratu. Samangsa manggih pakewed ing saenggen-enggen kinen
ngundang piyambakipun badhe dhateng arupi kethek pethak ageng,
ancik-ancik ing pucukinbg tumbak. Nunten aji pametik dipunmulangaken.
Sasampunipun kacakup pamejangipun, Kumbang Ali-Ali pamit wangsul ing
kayanganipun. Surawijaya kantun anggana, sanget suka bingahing manah.
Enjingipun medal saking wana Moros nurut gisik mangetan dereng nedya
wangsul dhateng Kuthowinangun. Ciptaning manah sampun ngantos yen wonten
ing pasamuaning ngajurit anguciwani. Mila sanget manting jiwa mesu
sarira, esthining manah sageda kasembadan sedyanipun, dados tepa palupi
lan murwani karaharjan ing sawuri wuri. Raos makaten punika terus
kagagas-gagas panjang. Boten dipun kinten babarpisan yen lampahipun
sampun dumugi ing redi Brecong. Wonten ing ngriku kendel, yen enjing
mlampah ngetan, yen sonten ngilen angen lampahing Surya, sadangunipun
nglampahi makaten punika ingkang katedha namung karag. Sareng sampun
angsal 15 dinten, gentos tapa mendhem ing pasir pinggir seganten,
ingkang katingal namung jangga manginggil. Saweg angsal 20 dinten
kadenangan tiyang nama Nayadipa ing dhusun Gunaman.
Nayadipa enggal wangsul ngundang anakipun kalih, sarwi mbekta lincak,
perlu kangge nulungi tiyang ingkang mendhem, sarta badhe kaupakara bilih
taksih gesang. Enggalipun sampun kadhudhuk kabekta ing griyanipun,
dipun upakara ngantos saged kiyat malih badanipun. Nayadipa nedha
pangapunten, rehne lumancang adamel wurunging karsa. Anggenipun ngentas
punika ketang saking welasipun.
Saking panedhanipun ki Nayadipa, Surawijaya kapurih kendel sawatawis
dinten murih puliha kakiyatanipun. Wonten ngriku piyambakipun dipun
walehi yen Nayadipa asal saking Wawar, sadherek misanipun demang
Warganaya. Ing batos Surawijaya bingah, nanging sinamun sampun ngantos
murungaken sedyanipun. Sareng sampun angsal sawulan, piyambakipun pamit
badhe nerusaken lampahipun. Saking Gunaman mengaler dumugi Kebumen
lajeng menggok mangetan. Dumugi Kalisalam kesengsem ningali endahing
redi Bulupitu.
Enget ujaring sepuh-sepuh yen ing ngriku punika kadhatoning dyan ayu
dewi Nawangwulan, inggih punika rayinipun dewi Nawangingrat ingkang
ngratoni para lelembut ing saganten kidul. Wondene asalipun putri ing
redi Kombang. Bakda tapa badhe sami mantuk dhateng nagarinipun, nanging
boten saged, jalaran sampun santun sipat wujud jim. Satemah sami mupus
ing papasthen.
Surawijaya terus minggah ing redi Bulupitu, ngetog kikiyataning batos
badhe kapanggih kaliyan dyah Nawangwulan. Wondene rubedaning sarira
boten badhe karosaken babarpisan. Sareng dumugi satengahing redi
milang-miling pados papan ingkang prayogi. Ing ngriku manggih beji
ingkang wening toyanipun, karsanipun sacelakipun ngriku badhe kangge
nungku semedi. Sareng sampun angsal sawatawis dinten, katarimah
penuwunipun. Sumuking redi benter, adamel geger ingkang mbaureksa redi.
Sang dewi Nawangwulan boten kasamaran yen ingkang damel gara-gara punika
satunggaling titah ingkang saweg kapati brata ing sapinggiring beji.
Nunten pinarepekan. Surawijaya sareng mambet ganda arum angambar,
panglocitaning manah : “Baya iki kusumaning arga.” Sanalika tapakur,
pasang panulaking panca baya. Ing ngriku kusumaning ayu dyah Nawangwulan
ngatingal nyelaki. Sasampuning bage-binage, enggaling cariyos lajeng
dados garwa. Tumunten sang dyah ngengakaken korining kajiman, ical
sipating redi Bulupitu, byar wujud kadhaton ingkang sakalangkung adi.
IV. ING KADEMANGAN KUTHAWINANGUN DIPUN JARAH DEMANG KYAI
PRAWIRAWIGATI.
Wonten gempalaning cariyos, ing dhusun Pakacangan demangipun nama
Prawirawigati, kineringan ing manca dhusun. Dedeg ageng inggil, gagah
prakosa sugih kuwanen, sugih bandha. Ingkang dados andel-andelanipun
kyai demang pethut sekawan pun Surapremati, Surapakewuh, Surabinarong,
lan Surantaka. Sabarang kakajenganipun inguja. Dasar tiyang sakawan wau
wasis mbegal tuwin ngecu.
Kyai Prawirawigati mireng kabar bilih ngabei ing Bocor gadhah pusaka
wujud dhuwung, dhapur sinom nama kyai Pandu, sepuh tur wetah. Surantaka
kapurih mangkat dhateng Bocor perlu mandungi. Enggaling criyos dhuwung
sampun kenging kabekta. Wangsulipun Surantaka mampir ing griyanipun
tiyang nama Suradiwirya ing dhusun Kuwarisan. Wataking tiyang remen
umuk, wonten ing ngriku Surantaka pamer anggenipun mentas mandung boten
kadenangan, sarta nedahaken wujudipun dhuwungipun. Suradiwirya sareng
sumerep lajeng melik, tumunten migunakaken trekahipun. Surantaka dipun
segah wedang kopi kacampuran bubuk kecubung. Sareng sampun mendem lajeng
dipun tandangi. Surantaka kapulasara satengah pejah, lajeng kabucal ing
pategilan. Ing wanci tengah dalu saweg enget graya-grayah badan dipun
grayangi sami abuh, kangge ebah sakit. Udheng, rasukan lan sinjangipun
sampun boten wonten, ingkang tememplek ing badan kantun sruwal kemawon.
Ing ngriku saweg ngretos bilih mentas kenging ing guna desthi, paekaning
mengsahipun. Kinten-kinten badan sampun radi sekeca raosipun, lajeng
mlampah mantuk manggihi kyai demang wadul punapa ingkang mentas
kalampahan.
Demang Prawirawigati sareng mireng wadulan makaten, sanalika medal
kanepsonipun nginten bilih ingkang maeka wau kengkenanipun kyai
Hanggayuda ing Kuthawinangun. Sanalika lajeng mepak bala. Sareng sampun
tata sadadameling perang, prajurit lajeng kabudhalaken, dipun tindhihi
piyambak. Kyai demang numpak kapal ules napas, dhasar ageng inggil
kasembuhing busana, dhangah-dhangah amantesi. Urut margi sami ambabahari
pundi dhusun ingkang kaambah sami kagegeran, tambuh-tambuh polahipun.
Raja kaya sami telas karampas. Griya kathah ingkang suwung katilar
ngungsi, nunten sami kabesmi kadamel karangabang.
Kacariyos kyai demang ing Kuthowinangun dereng saged mepak
wadyabalanipun, sampun kadhatengan mengsah, satemah namung kabingungan
boten ngretos punapa ingkang kedah dipun lampahi. Pepuntoning tekad
nedya sumingkir kemawon, awit sanajan mapagna ing mengsah mesthi boten
kuwagang, menggaha toya banjir sampun boten kenging katambak.
Kyai demang saestu nilar Kuthawinangun ngungsi dhateng ing jurang Ngabean dhusun Bebuka.
Demang kyai Prawirawigati mlebetipun ing dhusun Kuthawinangun boten
wonten ingkang ngalang-alangi. Sampun tentu kemawon sadaya isining
kademangan kaobrak-abrik, para prajuritipun sami ngglandhangi maesa
kangge ropyan-ropyan.
V. JAKA SANGKRIB MRINANI TIYANG SEPUH.
Gentos ingkang dipun cariyosaken, pun Surawijaya, sadangunipun wonten
ing Bulupitu tansah rerembagan bab glagating praja ing tembe wingking.
Piyambakipun ngudi sanget sageda ing benjing kadrajatan terah-tumerah
dhateng anak putunipun. Ingkang rayi sagah njangkung, saha mratikelaken
samangsa wonten damel.
Nyarengi gegering Kuthowinangun nyai Bulupitu matur ingkang raka, saha
ngaturaken katiwasanipun ingkang rama ngantos kengser dhateng jurang
Ngabean. Mila Surawijaya dipunprayogakaken wangsul dhateng Kuthawinangun
pupulih dhateng ingkang rama. Nanging dipun jujug kedah pasingidanipun
ingkang rama. Surawijaya nglampahi punapa ingkang dados pakenipun
ingkang estri. Piyambakipun lajeng dipun sukani pusaka nama Naraca Bala,
lan nalika badhe pangkat nilar weling dhateng ingkang estri, beji
ingkang kangge nungku semedi kanamakna Soma Gedhe. Surawijaya nunten
dipun anggen-anggeni dhateng ingkang estri, pinatut lan dedeg
piadegipun. Sasampunipun cekap lajeng mangkat. Sadumuginipun ing kori
asta kakipataken, kadhaton ical, jleg wujud redi malih.
Enggalipun sampun kapanggih kaliyan ingkang rama kyai Hanggayuda.
Sasampunipun bage-binage Surawijaya nedha supados dipun aben demang
Pakacangan ingkang ambeg purun. Kyai Hanggayuda sanget bingahing
manahipun, saha sanget suka sukur dene angsal pitulungan. Surawijaya
dipun endheg sawatawis dinten badhe binoja rumiyin, nanging boten purun,
wangsulanipun : Prakawis pamboja gampil pinanggih wingking, sauger
mengsah sampun kapracondhangi. Wangsulanipun Surawijaya ingkang makaten
wau dipun condhongi ing kathah.
Sasampuning tata-tata lajeng pangkat kaliyan wadyabala sawatawis,
nanging sedaya wau namUng kapurih ningali saking katebihan kemawon,
piyambakipun badhe prang tandhing sami ijen. Sadhatengipun ing
Kuthawinangun kyai Prawirawigati dipun tantang ngaben wuleding kulit
atosing balung. Ing ngriku lajeng prang, gentos katindhih. Dangu-dangu
kyai katingal karepotan, terus dipun seseg supados boten angsal papan.
Kyai demang kwalahan, lajeng kenging cinandhak, tumunten sinendhal, kyai
demang dhawah krungkep lajeng kinakahan boten saged polah. Sarehne
rumaos boten saged nandhingi malih lajeng tobat pasrah pejah gesang.
Perang sampun cekap.. Wadya bala sami kaundhangaken nglempak, sadaya
kempal ing kademangan. Kyai Hanggayuda kaaturan kondur dhateng
Kuthawinangun. Ing dalunipun sami seneng-seneng tayuban, inum-inuman,
wanci byar saweg bibaran. Demang Pakacangan ngaturi pisungsung kapal
cemeng mlathi suwung dhateng Surawijaya.
Sareng panggalihipun kyia Hanggayuda sampun tentrem, angkahipun badhe
ngluwari ujar, ngedegaken demang dhateng Surawijaya, nanging Surawijaya
sanget ing pamoponipun. Lan ing ngriku Surawijaya saweg kemawon manggih
margi kangge waleh, bilih piyambakipun putranipun wuragil kyai
Hanggayuda ingkang nama Jaka Sangkrib. Rama ibunipun sanget ing
bingahipun, lajeng sami tangis-tangisan. Sareng sampun aring sawatawis,
ingkang rama ngetang wiwit ing kesahipun dumugi titi mangsa punika
dangunipun 13 taun.
VI. KRAMAN ING REDI SLAMET NGEBROKI BANYUMAS.
Wonten malih gempalaning dodongengan, ing redi Slamet laladan Banyumas,
wonten jajaka kalih trahing wita redya asal saking Madiyun, nama raden
Supena lan Raden Suratma, ngasta emban satunggal nama Kertabau. Sang
wira kakalih anggenipun mesu sarira brata sampun watawis 3 taun, putus
ing aji jaya kawijayan, kanuragan tuwun kasantikan. Dhasar bagus ing
rupi, alus ing wicara, berbudi remen tutulung. Sadaya tiyang sacelakipun
praptapan sami ajrih asih tuwin kumawula sanget.
Satunggaling dalu tiyang nama Patrabangsa dhusun Siparuk, gadhah cacat
wuta, supena supados ajajampi dateng sang atapa. Samangsa saged
kapanggih mesthi sakitipun ical sanalika. Saking adrenging manah enggal
sageda mantun. Lajeng nempuh byar ngupadosi kaeteraken anakipun jaler.
Boten ajrih babayaning margi, sumengka ing pucuking redi Slamet. Saestu
sareng kapanggih sang pandhita anem, mripat kausadanan sakala mantun
blas boten wonten tilasing sakit.
Wangsulipun Patrabangsa dados gumunan, tiyang ing suwau picak sapunika
saged sumerep. Temtu kemawon timbal-tumimbaling cariyos sakedhap sumebar
ing pundi-pundi. Wiwit wekdal samanten andulur cacahing tiyang ingkang
dhateng prapatapan sami nyuwun sawab saha jajampi. Kathah ingkang
kapranan manahipun lajeng boten purun mbantuk dhateng dhusunipun, nrimah
manggen ing ngriku, mila sakedhap kemawon dados reja. Sang pandhita
anem dipun yasaken dalem dalah papan pamujanipun. Saking agenging
kapitadosipun dhateng pandhita wau, anggenipun sumungkem kados dene
dhateng ratu sesembahanipun.
Ing antawisipun tiyang samanten wau, wonten satunggaling pinisepuh ahli
petangan nama Nurmungalam ing dhusun Pasir. Punika ngojok-ojoki dhateng
kanca-kancanipun puruna njumenengaken ratu dhateng pandhita wau, rehne
tiyang-tiyang sampun ageng kapitadosipun, pangojok-ojok wau katampi
kaliyan bingahipun manah.
Dinten jumenengan ratu wau lajeng dipun estreni ing tiyang sakiwa tengen
ngriku saha sadaya sami sagah dados prajuritipun. Sang pandhita lajeng
binusanan agem-ageman ratu jangkep saupacaranipun. Nanging saking
pamrayoginipun ki Nurmungalam, dereng kenging mawi sesebutan ratu,
sapunikanipun kedah namung sesebutan senapati, benjing yen sampun saged
mbedah Surakarta (Kartasura? : penyalin)) saweg sesebutan ratu.
Sasampunipun pethuk ing pikir golong rembag, nedya ngradin jagad, kawiwitan saking Banyumas mlampah mangetan.
Pinuju dinten Jumuah tanggal 1 Sura taun Alip, wiwit tata-tata mepak
wadya bala. Ngabei demang lan patinggi ingkang saking bawah Brebes sarta
Tegal ugi kathah ingkang ngrojongi. Ingkang dados sesepuhipun kyai
Nurmungalam. Lampahing prajurit kabagi dados kalih golongan. Ingkang
sagolongan ageng medal kilen katindhihan demang Sonyalangu lan
Darmaraja. Urut margi ngingirup lan njajah rayah, mila balanipun saya
wewah-wewah. Ingkang sagolongan malih medal ler katindhihan sang
senapati piyambak, ingkang sampun gantos asma Damarwulan, ingkang nem
Menakkoncar. Senapati kakalih sami nitih kapal sinongsongan, kaampingan
kyai Nurmungalam saha Kertabau. Barisanipun katojokaken Purwokerta,
boten mawi kagebag perang sampun nungkul aris. Dene ingkang boten purun
nungkul ngungsi dhateng Makam. Sarehne boten wonten ingkang
ngalang-alangi, lampahing baris sakedhap kemawon sampun dumugi laladan
Banyumas.
Kocapa bupati ing Banyumas, Tumenggung Yudanagara, sareng midhanget
wonten kraman ndhatengi ragi kaweken ing galih, jalaran tinempuh saking
ler lan kilen. Tumunten nimbali patih dhawuh ngrakit wadyabala nanging
kedah kadamel kalih golongan. Ingkang kiyat kaangsahaken ngilen katindih
kyai patih piyambak, sanesipun ngaler katindhihan kliwon.
Kraman ingkang saking kilen sumerep kapapagaken prajurit saking Banyumas
terus ngebyuk purun tanpa mawi gelar utawi tengara. Prajurit Banyumas
sanget ing kagetipun, anggenipun nanggulangi akanthi nggragap. Bala
kraman pandhesekipun rosa sanget, tandangipun resah, kewewahan ingkang
wonten wingking surakipun kados ampuhan. Satemah prajurit Banyumas sami
kagilan, rumaos asor ing tandhing karoban mengsah, nunten mundur bibar
sar-saran boten ngrewes dhateng titindhihipun.
Kraman ingkang saking ler perangipun ragi rekaos jalaran kala samanten
lepen Serayu kaleres banjir, dados namung katindakaken perang sanjata,
sakalih-kalihipun sami ngetog kakiyatan, namung boten wonten ingkang
nedya ngunduri. Ing sanes dinten sareng lepen sampun boten banjir
prajurit kraman ngangseg nyabrang lepen, jinampangan ing prajurit asikep
senjata. Prajurit Banyumas binrondong saking katebihan lajeng mundur,
ingkang makaten wau nggampilaken panyabrangipun barisan kraman. Sareng
ngretos yen mengsah angunduri prjjurit kraman lajeng ngelud adamel
kuthetheran mengsah.
Ingkang bupati sareng tampi lapuring patih bilih prajuritipun kaseser,
lajeng dhawuh nilar kitha lampahipun mangidul. Dumugi ing Buntu kendel
damel pasanggrahan. Ing ngriku wadyabala Banyumas kacacahaken kapanggih
kantun 1.800, mila tangeh yen sageda nanggulangi krodhaning mengsahipun.
Golonging rembag patih kadhawuhan atur uninga ing ngarsa dalem sang
prabu, saha nyenyuwun babantu. Patih nunten bidhal kadherekaken prajurit
40 sami akakapalan.
Kocap prajurit kraman sareng sumerep bilih barisan Banyumas nilar kitha,
lajeng dipun broki. Senapati kakalih sampun ngenggeni dalem kabupaten,
rinten dalu namung ngegungaken suka-suka pari suka.
VII. JAKA SANGKRIB ANGSAL MARGI NGATINGALAKEN BADANIPUN DHATENG RATU.
Mangkana Surawijya anggenipun ngantu-antu dhumawahing wahyu ingkang
lumantar saking sang prabu sampun lami dereng wonten antawisipun.
Ingkang garwa nyai Bulupitu boten kasamaran dhateng karsanipun ingkng
raka, nunten sowan ngaturi rembag sagetipun enggal angsal damel, kedah
dipun sranani lumebeting arta paos ingkang dhateng Surakarta wontena 10
utawi 15 dhusun kemawon. Ing wiwitan Surawijaya boten nocogi dhateng
rembag makaten wau. Nanging sareng dipun sulang-sulangaken bilih
pandamel makaten wau namung kangge srana enggaling kadumugen dados boten
ateges mbalela. Surawijaya lajeng purun miturut. Wiwit samanten ;lajeng
mbobolehi saha mbubujuk dhateng dusun macapatipun, boten prelu caos
bulu bekti wujud punapa kemawon dhateng Surakarta, awit boten wonten
pigunanipun. Langkung sae dhateng piyambakipun kemawon, dene mangke yen
wonten seregan saking Surakarta, bot repotipun badhe katanggel. Ingkang
sarehne demang-demang sakiwa-tengenipun wau panci ering dhateng
Surawijaya mila panedhanipun dipun turuti.
Danguning-dangu wonten ingkang lapur dhateng Surakarta. Sareng ngarsa
dalem midhanget nalar makaten wau lajeng dhawuh papatih dalem tumuntena
mbidhalaken duta, nyepeng Surawijaya murih sampun ngantos ndadra.
Kyai patih enggal mbidhalaken utusan sakawan, kadhawuhan nyepeng
Surawijaya. Dhatengipun utusan njujug dhusun Ungaran, masanggrahan ing
griyanipun demang. Kathah para demang saking macapat dhusun sami
manggihi, sadaya ngalem dhateng kadigdayanipun Surawijaya. Duta mireng
tembung makaten wau ing batos ajrih, nanging sinamur ing gugujengan.
Para kadang warganipun Surawijaya sareng mireng wonten dutaning nata,
lajeng sami kempal ing kademangan Kuthawinangun prelu damel putusan,
punapa nedha lawan, punapa nurut, punapa oncat. Surawijaya nedha
mupakatan dhateng ingkang rama, nanging dipun borongaken, jalaran
piyambakipun sampun sepuh rumaos boten keconggah ngembat prakawis
ingkang gawat makaten.
Gagasanipun Surawijaya : “Sanajan abot kawat balunga wesi pisan, aku
mung awak siji, mangsa bisa mbangkat mungsuh karo wong sanagara. Iya
bener aku nduweni kasekten, nanging apa iya kasekten mau ana sing
ngungkuli. Karo dene maneh wong wani marang ratu iku gedhe dosane,
kalupatane wis ora bisa ingapura, bisane lebur mung tinebus kalawan
umur. Ujaring piwulang kuna-kuna, ratu iku wajib sinembah kayadene
marang wong tuwa, jer iku wakiling Kang Maha Kuwasa kang cedhak dhewe
kadhawuhan mranata marang kabehing titah. Endi kang luput ingukum, kang
bener becik ginanjar, kang pinter nununtun marang kang bodho, sugih
miskin kabeh ingayoman. Anadene kabeh mau katujokake marang kaslametan.
La, saupama aku lumawana marang ratu, harak jeneng wong kang mamak
pikirane kawuwuhan nistha budine. Ah yen mengkono luwih becik aku
ndhisikane sowan, mbokmenawa bisa dadi lantarane aku kapriksa ing sang
prabu.”
Surawijaya lajeng bidhal mangidul sedyanipun badhe manggihi utusan.
Sadhatengipun ing Ungaran utusan sami cingak saha sami jagi-jagi
mbokbilih Surawijaya ngaturaken pejah gesang. Sareng utusan mireng
makaten wau sanget ing bingahipun, lan Surawijaya sedya kairid tumunten
dhateng Surakarta.
Mangsuli cariyos, patih ing Banyumas sadumuginipun ing Surakarta njujug
ing papatih dalem ngaturaken lalampahanipun, saha nyuwun babantu ing
jurit. Dereng cekap anggenipun sami bawa raos kasaru lebetipun duta
ingkang kautus nyepeng Surawijaya. Duta kadangu kathah-kathah bab
lalampahanipun. Sareng sampun telas paturanipun duta, kyai patih lajeng
lumebet ing kadhaton munjuk ing ngarsa dalem sang nata, angunjukaken
kawontenanig kraman ing Banyumas, saha wontenipun Surawijaya sampun
kairid dhateng Surakarta. Dhawuh dalem sang prabu, Surawijaya supados
kaukum kisosh. Nanging kyai patih, sanget-sanget anggenipun nyuwun
supados kaapuntena dosanipun, jalaran nitik ing wuwujudaning tiyang
kados kenging kapendhet damelipun. Ingkang sinuwun ngleksanani
panyuwunipun patih saha dhawuh supados Surawijaya kairid mlebet ing
kedhaton badhe kadangu piyambak. Sasampunipun kaadhepaken lajeng kadangu
bab warni-warni, malah karsa ndangu ngelmi punapa, unjuk wangsulanipun
saged teteh, tatag, trampil, boten mantra-mantra yen asli dhusun.
Sampeyan dalem kakenan ing panggalih, Surawijaya lajeng kadhawuhan
nyepeng kraman ing Banyumas, dhawuh dalem malih boten kapareng, mbekta
prajurit ing Surakarta, namung kaiden mbekta rencangipun piyambak ing
Kuthawinangun. Manawi piyambakipun saged mrantasi damel dosanipun badeh
kaampunten.
Enjingipun Surawijaya saha patih ing Banyumas bidhal terus dhateng
Kuthawinangun. Sadumuginipun ing ngriku Surawijaya namung nganthi tiyang
pitu ingkang kaanggep putus dhateng ulah gelaring perang. Sinengku
lampahipun, sakedhap sampun dumugi ing Buntu, nunten kapasrahaken ing
patih dhateng ingkang bupati. Anggenipun nampi temtu kemawon kaliyan
gelaning panggalih, jalaran mengsah kados makaten, piyambakipun namung
wolu kang mangka prajurit Banyumas sampun kathah kalongipun.
Enjing tengara perang kaungelaken kempaling madya namung 2000, tumunten
kaangsahaken, Surawijaya ndherek ingkang bupati anggenipun nindhihi
bala.
Teliking kraman sumerep untabing prajurit Banyumas enggal atur uninga
dhateng senapatinipun. Sakala nitir tengara perang, sakedhap prajurit
sampun nglempak ing alun-alun. Boten antawis dangu kaangsahaken,
lampahipun ngebaki tegal pasabinan. Sareng sampun ajeng-ajengan,
kalih-kalipun sami ngebyuk purun sinarengan ing surak mawurahan. Dangu
perangipun boten wonten ingkang katingal asor, gedheg sami sudiranipun.
Sakedhap prajurit kraman kenging kaseseg, sakedhap malih prajurit
Banyumas kateter.
Dangu-dangu tandangipun prajurit Banyumas kendho, kraman ngretos wekdal
ingkang sae, terus kemawon pasang gelar supit urang, rekanipun badhe
katumpes. Kocap Surawijaya sareng sumerep babaya ingkang ndhatengi,
trengginas nggebras kapalipun sarwi ngliga dadamel. Pangamukipun
prasasat banteng ketaton, ngiwa nengen nyabet mawi pedhangipun, sinten
ingkang kacandhak boten ngaping kalih. Prajurit kraman sareng sumerep
tandangipun Surawijaya sakancanipun, sami giris, satemah pejah gelaripun
mlajeng bibar sar-saran. Perangipun kesaput ing dalu kalih-kalihipun
sami ngunduri.
Ing dalunipun Surawijaya matur ingkang bupati, yen benjing-enjing badhe
ngedali perang tandhing. Para prajurit kapurih surak saking katebihan,
boten prelu tumut lumawan ing jurit. Ingkang bupati nayogyani.
Surawijaya lajeng susumbar nguwuh-uwuh nedha tandhing. Barisaning kraman
mireng makaten wau boten saranta lajeng ngebyuk purun. Surawijaya
sakanipun kinepung wakul binaya mangap. Sumerep ingkang makaten
manahipun boten ngedhap sakedhik-kedhika, tandhangipun saya gambira,
lawung pinuter kados kitiran, ingkang wonten ngajeng tinumbak, wingking
sinodor, ngiringan pinenthung, sadaya pejah kapisanan. Nanging bawanipun
prajurit kathah, sanajan tandangipun kados sulung slebu geni,
dhatenging prajurit ingkang sumusul byuk-byukan tanpa kendhat. Pejah
sadasa dhateng kalih dasa, pejah kalih dasa dhateng seket, pinten
wawratipun bau satunggal danguning dangu inggih jimpe.
Meh kemawon Surawijaya sarencangipun kenging kapikut. Ing ngriku enget
dhateng wewelingipun Kombang ali-Ali duk nalikanipun nenepi ing wana
Moros, nunten jleg medhak saking kapal nancebaken waosipun, lajeng matak
aji pametik sakala prahara ageng ndhatengi kasarengan swara ingkang
nggegirisi. Surawijaya sarencangipun boten katingal. Tumunten wonten
wanara ageng mere ing sanginggilipun waos, swaranipun ngebaki ing
paprangan. Prajuriting mengsah mireng swara makaten sanget anggenipun
miris, mlajeng asalang tunjang. Bala Banyumas sumerep mengsah sami
kagegeran lajeng tinrambul ing perang kathah angsalipun babandan.
Kacariyos senapatinipun sang Damarwulan saha Menakkoncar kesisan bala,
nunten pinarepekan dhateng Surawijaya katigas jangganipun boten kaping
kalih damel. Sumerep senapatinipun kasambut ing jurit, bala kraman
sangsaya ing ajrihipun, sakedhap ing paprangan sampun boten wonten
prajuritipun mengsah, resik kados sinapon. Ingkang bupati lajeng dhawuh
ngungelaken tengara pratandhaning barisan kenging mundur, wangsul
dhateng kitha Banyumas. Sareng sampun lerem sawatwis dinten Surawijaya
pamit nyuwun pamit ingkang bupati badhe dhateng Surakarta ngunjukaken
sirahing kraman. Sadumuginipun ing nagari sanget ndadosaken renaning
penggalih dalem. Sarehne saged ngrampungi damel Surawijaya lajeng
kawisuda pangkat mantri gladhag kaparingan nama kyai Hanggawangsa.
VIII. WONTENIPUN KABUPATEN ING KEBUMEN.
Sadangunipun kyai Hanggawangsa dados mantri gladhag, lajeng kapundhut mantu ing papatih dalem.
Saking setya tuhu saha sucining manah, kyai Hanggawangsa kaanggep ing
pasuwitanipun. Asring kemawon yen praja wonten prakawis ingkang ruwet
bab lampahing paprentahan tuwin kaprajuritan, piyambakipun kapudhutan
rembag ngantos saged maremaken ing panggalih. Ngarsa dalem sang prabu
boten kekilapan dhateng kawontenanipun kyai Hanggawangsa, tetela yen
tiyang mumpuni saliring kawruh, pramila lajeng sinengkakaken ing
ngaluhur kawisuda dados bupati nayaka kapatedhan nama Raden Tumenggung
Arungbinang.
Ing sepuhipun boten karsa dadalem ing Surakarta, kondur dhateng
Kuthawinangun ngantos ing sedanipun. Dene kalenggahanipun sumilih ing
putra asma nunggak semi ingkang rama Raden Tumenggung Arung Binang II.
Sareng kumpeni Walandi mranata siti kaperang dados kabupaten, putra
kapenakanipun R.T. Arungbinang II yasa kitha wonten ing Mrinen sawetan
Kuthawinangun asma Arungbinang III. Putra mantunipun R.T Arungbinang II
inggih punika kyai Kalapaking yasa kitha wonten Kebumen. Sarehne rebatan
kaliyan sadherek kyai Kalapaking nrimah ngawon, kabupaten kapasrahaken
Kyai Tumenggung Arungbinang III piyambakipun nrimah dados patihipun.
Kabupaten Mrinen lajeng kabibrah gantos wonten ing Kebumen engga ngantosa sapriki.